Facebook Twitter RSS Feed
Powered by Blogger.

sinopsis NOVEL DOM SUMURUP ING BANYU

Dom Sumurup ing Banyu iku sawijining karya satra gancaran basa Jawa kang awujud novèl, anggitane Suparto Brata lan kababar ing taun 2006. Crita iki tau kapacak minangka crita sambung-sinambung ing kalawarti Jayabaya wiwit taun 1971 tumekan 1972. Déning panganggit uga sing kagungan hak cipta, crita iki ora pareng diterjemahaké ing Basa Indonésia. (http://jv.wikipedia.org/wiki/Dom_Sumurup_ing_Banyu).
 BIOGRAFI PENULIS
Pangarang Suparto Brata
Negara Indonesia
Basa Jawa
Tipe Roman
Penerbit Penerbit Narasi Yogyakarta
Tanggal terbit 2007
Cacahing kaca 238 kaca
ISBN 979-7564-94-0.

 
A.    TEMA
Tema wonten ing novel Dom Sumurup Ing Banyu Karangan Suparto Brata inggih punika “Tumindak  sesidheman kangge mangertosi wewadi” niki dipun buktekaken deneng pengarang mbeberaken  pengalamanipun Herlambang anggenipun dados teliksandi  inggih punika mendet gambar pabrik mesiu Batu Jamus gadahanipun Republik Indonesia sasi Agustus 1984, saking Mojokerto, Peterongan, Jombang, Madiun, anggenipun nglampahi misi dados teliksandi dipunbiyatu kaliyan tiang estri ingkang asma Ngesthireni, ingkang pranyata ugi teliksandi slundupan ingkang dipunadani dening Van Grinsven, perwira VDMB (Walanda) ingkang ngebroki Mojokerto. Kangge mbungkar sinten sajatinipun ingkang dados teliksadi, lan saking misi punika saged kabukti menawi teliksandi ingkang satemenipun lan badhe nyade Republik Indonesia punika kaliyan Walanda Inggih punika Raden Mas Yogyantara.

B.    LATAR
Wonten Novel  Dom Sumurup Ing banyu niki disebutaken lataripun inggih puniko  wonten ing Restoran Tong Sien kang mapan wonten kutho Mojokerto, Desa Dhemarkasi, Setasyiun Sepur Sala jurusan Jombang, Restoran Sedhep Malem iku papan ketemune Atrum kalian Herlamang, Montor colongane Herlambang kang dienggo menyang Kertosono kaliyan Ngestireni lan Kiswanto, Penginapane Bakul jarik saka  Sala, Sepur Snel jurusan Masaran, Pabrik mesiu Batu Jamus wonten ing Tlatah Republik Indonesia, Kantor Administrasi kang mbuka wadine Yogyantara alias Pak Bei.



C.    PARAGA LAN KAPRIBADIAN
1.    Van Grinsven
Van Grinven punika sawijinipun pimpinan tentara Walanda ingkang paring misi kaliayan Herlambang supados dados teliksandi ing tlatah Republik ingkang anggadah ancas supados motret pabrik mesiu, nalika ing restoran Tong Sien punika Herlambang pepanggihan kaliyan Van Grisven lan ing mriku Meneer Van Grinven takseh ngunjuk bir lan Herlambang dumugi mriku ngrencangi ngunjuk bir lan micara bab anggenipun dados teliksandi ing tlatah republik.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
Jres! Ana wong liya ngurubake korek, dicungake marang rokoke serdadu walanda mau. Walanda mau enggal ngempakake rokok, nanging nyawang ndisik marang wong sing menehi geni. Mripate ireng, alise njengkerut, kulite sawomateng. “dank U wel” wasana ujare. Lan banjur ngempakake rokoke. “ora kepenak ngombe bir ijen,” wong sing aweh geni mau omong. Kalem. Dedege pediksa. Klambine putih lengen dawa, clanane biru gabardine. Sajak wong sing kulina urip mubra- mubra. “Pancen. Ayo, kancanana aku,” walanda mau mangsuli. Minger menyang meja bar, lan aweh sasmita marang peladen wadon sing ngladeni botol bir mau supaya menehi gelas siji engkas. “Laudelmeyer kanda aku kudu nemoni Raden Mas Yogyantara.” Van Grinven mantuk. Saiki mangan. Kowe bestel apa?” “Luwih becik aku inggal budhal wae, mumpung iseh awan.” “Ora perlu kesusu. Nyabrang kali luwih becik ing wayah bengi. “Wong Jawa sing oleh tugas kuwi ngocak- ocak gelase supaya anyepe bir bisa warata. Apa omonge walanda tanpapangkat kuwi dirungokake.

2.    Herlambang
Wonten ing novel “Dom Sumurup Ing Banyu”,Herlambang anggadahi watak kang prigel, ngati-ati, cerdik lan apik ugi dados paraga ingkang utami awit Herlambang dados teliksandi Walada, wiwitanipun cariyos inggih punika ing Restoran Tong Sien ingkang dados papaning perkawis, ing Restoran punika Herlambang pepanggihan kaliyan Meneer Van Grinsven, Herlambang wicara kaliyan walanda punika saderenngipun bab tugas punapa ingkang badhe dipunparingkaken lan kedah dipunlampahi kaliyan Herlambang.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
Wong Jawa mau ngecungke driji marang peladen, driji panudinge diobah- obah ngundang peladhen. Peladen mara, dikandhani yen van Grinsven butuh es wungkul ing gelase. Rampung omong karo  peladen, lagi nanggapi van Grinsven. “Tarakan? Ah, lumra. Aku nlusup dhisik, banjur aweh kode menyang kapal pira kekuwatane tentara jepang ing kono.” “Sapa komandane pendharatan kuwi?” “Sapa?Kena apa kowe takon?” wong jawa kuiwi sajak mrina. “Aku mung takon wae. Manut kabare Jendral Mc Arthur ngadeg ing punthuke gunung anakan diserbu Jepang. Herlambang melu ngadeg ing mburine jendral mau .(Suparto Brata, 2006: 7).
Van Grinsven ngombe bire sing diocak- ocak,terus gragapan takon, “wayah surup? Eh, apa jenengmu Herlambang sing Kondhang mbiyantu tentara Amerika kuwi?” .(Suparto Brata, 2006: 8).

Paraga cariyos miturut pamanggihipun Abram ing Nurgiyantoro inggih punika pawongan ingkang dipunonjokaken ing karya sastra naratif utawi drama kaliyan pamaos lan dipuntafsirkaken gadah kualitas moral lan kecendrungan katemtu kados ta ingkang dipunekspresikaken ing pawiyatan lan dipunlajengkaken ngantos tumindak katemtu. Herlambang arupi paraga utama, awit paraga utami punika gadah peran ageng ing sajeroning cariyos lan mbangun carita saking awal dumugi akhir.
3.    Ngesthireni
Wonten ing novel “Dom Sumurup Ing Banyu” Ngesthireni ugi anggadahi sifat kang sae, santun, sabar, manut, lan tansah nerimo ugi salah sawijining teliksandi sami kaliyan Herlambang . Ngesthireni ugi teliksandi ingkang dipunadani kaliyan Van Grinsven, ingkang gadah tugas ngawat-awati Herlambang anggonipun nglampahi misi ingkang dipunparingkaken Van Grinsven, awit tugas punika wigati sanget.
Kutipane ing novel kados mekaten :
Herlambang ngrogohi sake, banjur ngulungake surate Van Grinsven sing mau dituduhake Ngesthireni. Tolol! Surat apa kuwi? Mau kok ora diteliti dhisik. Kene apa dheweke percaya banget marang van Grinsven? Mengko gek…!?
4.    Pak Griwa
Kahanan taksih remeng –remeng. Jago kluruk sampun sami rame kapiarsi. dumuginipun Herlambang lan Ngesthireni tumuli kaliyan kawigaten. Tiyang- tiyang kakung sedaya rawuh ngliteri tiyang kekalih punika. Sawatara wonten ingkang mbeta tumbak pring, obor, lan bedhil. Herlambang lan Ngesthireni reni dipuncegat kaliyan tentara Republik ingkang dipunkomadoni kaliyan Pak Griwa.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
“Lapur Pak Griwa, Man. Ana wong mlebu saka dhemarkasi lijin,” ujare wong liyane sing sajak luwih terpelajar. “Uwis. Dhela engkas tak rawuh . Obore sumeden!.” Wong liya maneh ngabani. “Heh! Saka endhi kowe?” wong sapisan takon maneh .“ Saka Brangkal…..
5.    Letnan Pengkuh
Letnan Pengkuh punika salah sawijining tentara Republik ingkang dipunkomadani Pak Griwa, piyambakipun tiyang ingkang tuna aksara nanging piyambakipun ugi tiyang ingkang kendel sanget lan tliti anggenipun njaga kadaulatan Republik. Sasampunipun Herlambang dipungiring ing markas ingkang dipunkomadoni kaliyan Pak Griwa, Letnan Pengkuh gadah ide menawi pamariksaan punika kedah dipunlampahaken kanthi ngledah punapa ingkang wonten ing ragane tiang kekaleh punika, awit sampun kaprungu bilih teliksandi Walanda gadah ciri, utawi gambar ing ragane.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
“Ora. Nanging, iki ya idhene Letnan Pengkuh .wong kui rak ngaku jare temanten anyar? Yen manten anyar tenan, mesthine sing wadon kuwi mesthi wes ora prawan maneh! La iki, yen olehe dadi manten mung akon-akon, cahe wadon iso bae isih suci. Iki ora manthuk karo laporan kuwi mau….” “ha, ha, ha, ha. Diamput Si Pengkuh iku! Ya, ya, julig tenen dheweke. Sakersamu, dhokter! Idhe iki pancen apik, marga srawunge Herlambang karo bojone pancen sajak kaku. Ora kaya manten anyar, nanging luwih kaya sepasang mata-mata mungsuh sing wis dilatih yen mlebu ing wilwyahe mungsuh! Kencan lelana bareng-bareng marga tugas, ora marga tresna! Ha-ha-hahi- hi-hi!”
Nanging sedaya ide ingkang Letnan pengkuh andharaken, mboten saged mbikak sinten sajatine Herlambang lan Ngesthireni, nanging sedaya ide punika dadosake Letnan Pengkuh dipunmedalaken kaliyan Pak Griwa saking pasukan, awit piyambakipun sampun ndamel lingsemipun Pak Griwa, amargi ide pamariksaan ingkang kedah mbikak rasukan lan ragane dipunteliti.
6.    Dhokter Sambudi
Dhokter Sambudi, tiang ingkang nyelidhiki Herlambang lan Ngestareni, awit sampun kagiyaraken kaliyan petinggi tentara Repulik menawi wonten teliksandi ingkang dipunparingi misi mlebet ing salebeting tlatah Republik. Pamariksaan dipunlampahi Herlambang lan Ngesthireni, ngantos pamariksaan jasmaninipun tiang kekalih, awit.sampun dipungiyaraken menawa teliksandi punika gadah ciri- ciri ing ragane.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
Ganti- ganti Herlambang la Ngesthireni dipriksa mlebu senthong. Nalika Herlambang mlebu senthong, Ngesthireni ngenteni ana ngarep senthong karo nggawa tommygune, lan nalika Ngesthireni mlebu sentong, Herlambang sing njaga ing ngarep senthong karo senjatane. Ana ribut- ribut nalika Ngesthi dipriksa. Dheweke mbukak lawang an kandha marang Herlambang, “Mas! Dhoktere arep mriksa lakangku! Edan apa!” Herlambang ora enggal mangsuli. Dheweke nginguk manjero, mandheng dhokter sambudi.”Apa perlu diteliti tekan samono?”
7.    Kiswanta
Kacarita tiyang tiga punika sampun ninggalake desa Dhemarkasi., Kiswanta akeh omonge, tangkepe grapyak. Antara liya nyeritakake awake piyambak petugas CI divisi tentara resmi ing sala. Nanging sajatine lungan kaliyan kiswanta Herlambang boten remen awitKiswanta dados pangambeng misinipun.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
Herlambang krasa arip. Satekane Kiswanta, dheweke banjur ngetutke aripe mripat. Idih kober mangsuli, “Numpak dhokar saka Jombang.” Herlambang ora pati seneng karo Kiswanta, marga rumangsane diawasi. Ora seneng merga ana wong katelu. Sing mesthi ngrusuhi karo misine wong loro kuwi…..
Kiswanta sajatine uga mboten remen kaliyan Herlambang lan ngucali cara anggenipun nyingkirake Herlambang kanthi nyuwun pitulungan rencang, lan taktik punapa kemawon anggonipun nyingkirke Herlambang, nanging Herlambang waspada kaliyan tumindakipun Kiswanta.
8.    Ir Suwandi
Ir Suwandi ugi salah sawijinipun panggedhe tiang Republik nanging Ir suwadhi punika uga makarya kaliyan Walanda, nanging tugasipun mboten dados teliksandi nanging piaymbakipun dados tiyang ingkang mandhegani bangunan ing ngisor lemah.lan teng mriku Herlambang dipunjelakaken punapa tugas ingkang kedah dipunsampekaken kaliyan Van Grinves.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
Ir. Suwandi bali mbukak map. Milih kertas – kertas. Banjur dibeber ing meja. Gambar cengkorongane pabrik mesiu Batu Jamus. Herlambang ngawasake, nliti nganti tekan pinggirpinggire gambar, kandhel tipise gambar, ngresiki reregetan sing katon ing gambar kono. “Priye?” piatoke Yogyantara. “Wis? Bener iki kudu sing Dak-opnemen?” Yogyantara mantuk. “Yen gambar iki kliru, mengko sing digambar Luidelmeyer iya kliru, lo. Ora perlu dikoreksi maneh?
9.    Raden Mas Yogyantara
Yogyantara punika kangmasipun Ngesthireni, nanging lakune licik kanthi Ibu lan Ramaipun piyambak dipunbucal, lan Ngesthireni uga dipunbucal kanthi gadah ancas supados tiang- tiang ingkang dipunbucal punika dipunrebut bandha lan dunyanipun.
Kutipanipun ing novel kados mekaten:
“Dhiajeng! Sliramu isih sugeng?!” pambengoke Yogyantara Wong loro banjur padha rerangkulan? “Oh, wis suwe tenan! Suwe tenan kita pisahan!” ujare Yogyantara. “Dakkira sliramu wis seda! Dakkira slirahmu wis diperjaya dening Kawanabe!” Ngesthireni nyawang kangmase mesem karo nenglengake sirah. Katon manise. Nanging ing swanlike eseme sing nengsemake kuwi, mripate mulad – mulad sengit kepati. “ Ethok- ethok ra ngerti?warisan biyasa Eynag rak wis seda ? Rama lan Ibuku mlebu kenpeitai, ngarepake aku budhal sinau ilmu bidhan menyang Tokyo. Rak panjenengan kabeh ta, sing ngatur kuwi. Supaya bisa ngerebut bandhaku, warisanku kabeh ingkang dipun paringi kaliyan eyang putri.........
10.    Ir Suprayoga.
Ir Suprayoga punika sawijine ingkang dados dalang ing prekawis misinipun Herlambang, awit sedaya punika sampun dipuncawisaken kaliyan Ir Suprayoga. Herlambang punika ingkang asma Hartono waunipu salah sawijine pejuang ing tlatah Purwodadi- Grobogan, lajeng mundur ing Gemolong- kuwu. Dipunlatih sajeroning telung sasi ing sala kaliyan Ir Supryoga lajeng sasampunipun cekap anggenipun latihan lajeng kangge lakunipun misi dipungantos asma Herlambang
Kutipanipun inng novel kados mekaten:
Ir. Suprayoga njupuk sawenehe surat kabar tuwa saka mape, dituduhake marang para rawuh. “ ing surat kabar The Malayan Strait Times sing terbit ing Singapura iki ana kabar sethithik bab Herlambang. Herlambang wis ora nnyambut gawe maneh mbiyantu US-Army marga Peranng pasifik wis rampung, lan arep urip mardika wae sakarepe dewe. Embuh nyambut gawe apa ora disebutake, lan papne ana ngendi ya ora kasamurupan, kabar iki nuwuhake ilham. Aku golek uwong sing bisa ngijoli Herlambang, dakdadekake lakon ing misi Herlambang. Yakuwi Hartono iki.” Hartono iki tau berjuwang neng front tlatah Purwodadi- Grobogan.Daklatih sajerone telung sasi aneng sala, kanggo ndapuk dadi Herlambang, Dheweke cukup trampil ing olah bab gegaman, ngomong basa walanda, Inggris Jerman baleg, Basa Jepange uga lumayan. Sing pelu mung ngreti bab sajerone misi iki.

D.    ALUR
Wonten ing Novel Dom Sumurup ing banyu pengarang minggunanaken alur gabungan (alur maju kaliyan mundur). Alur maju kacaritakake deneng awal Herlambang nampi tugas saking Van Grinsven, dados teliksandi ing Republik Indonesia. Misinipun inggih punika mendet gambar pabrik mesiu Batu Jamus gadahanipun Republik Indonesia lan saderengipun mendet gambar punika Herlambang kedah nemoni Raden Mas Yogyantara awit Yogyantara punika ugi teliksandi Walanda lan ingkang gadhah gambar punika ingkang alur munduripun kacaritakaen deneng Ir. Suprayoga ingkang nyritakae lelakone Herlambang alias Hartono ing ngajeng para rawuh.
Kutipanipun wonting ing Novel mekaten :
“Ir. Suprayoga uga banjur nyritakake lelakone Hartono tutuge sawise diuntapake saka Madiun, yakuwis sawise lolos saka pengepungan ing hotel ing ngandi Ngesthireni ditangkep dening regune Sirtuhadi lan Kiswanto. Hartono bica ucul, bebas ora gandhengan maneg karo Ngesthireni, terus nglakoni apa kang wis ditugasake. Yakuwi nggawa kurungan manuk, numpak sepur saka Madiun menyang Masaran.”
“Komisari Biro Spionase Republik Indonesia Ir. Suprayoga nutup critane kanthi ulat sumeh, yen misi Herlambang iki prayata kasil kanthi becik. Iwake kecekel, banyune ora buthek. Dene kurban ing pihak misi meh ora ana. Ngaso swatara Para tamu diaturi icip-icip sesuguhan rampadan. Lan pitepungan karo sing padha dadi lakon. Pasamuan bakal diterusake maneh sawise ngaso.”

E.    SUDUT PANDANG
Sudut pandang wonten ing Novel Dom Sumurup Ing Banyu inggih puniko “orang ketiga”  Ingkang pengarang mboten  nulisaken babagan awake dewe. 

F.    SINOPSIS
Verboden Toegang Voor Militairen. Tulisan kuwi kapasang ngegla ing kusen ndhuwur lawange Restoran Tong Sien. Restoran kang lagi khondang ing Kutha Mojokerto. Restoran Tong Sien kondhang ora mung marga masakane Cina mirasa lan ngijeni, nanging uga marga sing ngladeni wong wadon-wadon ayu, rok-rokan, bengesan abing-abing.
Nalika samana prajurit-prajurit Walanda uga akeh sing ngelak. Ngelak kebebasan. Aturan-Aturan militer kang dilakoni saben dinane, kadhang-kadhang rinasa megah-megahake.
Ing sasi Agustus 1948, wayah asar ana serdhadhu Walanda tanpa tandha pangkat mlebu ing Restoran Tong Sien. Sajake ora kulina mlebu mrono, nyatane sajak ingah-ingih.
Dheweke njujug ing bar, sawise mikir-mikir sedhela, banjur pesen bir sabotol. Saka kono dheweke ngulat-ulatake swasanane restoran. Rogoh-rogoh sak, ndudut rokok Davros sealer, nanging ora enggal didudut nganti botol lan gelas lumadi, rokok dislempitake ing lambene, nganggapi kanthongan golek korek ora nemu-nemu.
Jres! Ana wong liya ngurubake korek, dicungake marang rokokke serdhadu Walanda mau.
“Ora kepenak ngombe bir ijen”, wong sing aweh geni mau omong.
“Pancen. Ayo kancanana aku” Walanda mau mangsuli.
“Duwekku wenehana es”, pakonane wong sing aweh geni mau marang peladen. Nganggo basa Walanda. “Priye, meneer can Grinsven, apa aku bisa metu saka Mojokerto sore iki?”.
“Kudu bisa. Saka restoran iki kowe mengko mlakua ngiwa. Wantara satus meter ana gang ngiwa ing gang kuwi ana jip. Kabeh kaperluanmu kaya sing dirembung ing prejanjen wis dakcepaki ing kono. Kowe ngerti kudu nemoni sapa ing kana mbesuk?”
Srengenge isih majer ing sisih kulon. Sorote kayang nginceng-inceng seselane gegodhongan wit-witan kang mantiyung ing tengah lurung. Herlambang sedhela-sedhela noleh mburi, maspadaake restoran kang lagi wae ditinggalake karo nglirik sunare srengenge, nerka-nerka jam pira wektu kuwi.
Herlambang seneng atine bareng weruh ana gang lan katon jip tentara Walanda ndhelik ing eyuban. Gita-gita wong Jawa klambi putih kuwi marani tumpakan perang mau. Lawang jip sisih kiwa dibukak blak!
“Goede middag, Mener Herlambang!” suwarane wong ing sopiran jip.
Nglimpreg semangate Herlambang! Pucuk pistul ngacung, meh wae nyuleg mripate!
“Waarom zo laat?” suwarane ing njero jip mau.
Suwarane wadon! Ora patia ngancam! Herlambang gage bali kaprayitane.
“Wie bent U?” Herlambang takon, sapa wong kuwi.
“Apa Van Grinsven ora crita?” pitakone wong  wadon mau nanggo basa Walanda.
Herlambang ora perlu mangsuli. Dheweke ngulat-ulatake kahanane njero jip lan tangan alus kang nyekel pistul kuwi.
“Jenengmu wae durung disebut, “Herlambang mangsuli Mripate nglirik nengen. Stir jip kuwi isih sisih kiwa.
Sakiki wonge mesem. Kepara ngguyu. Guyu intelek, ulate Njawani.
“Jenengku Ngesthireni”
Herlambang ora nampik. Iki pancen dijanjekake dening Van Grinsven. Klambi putih dicuculi. Nyaut klambi ijo ing bak mburi. Clanane dirangkep wae. Ora nganti limang menit Herlambang dadi sersan tentara Cakra, sing kondhang ing daerah pendhudhukan dadi Anjing Nica. (NICA = Netherlands Indies Civil Administration, pemerintahan Walanda tumrap jajahan Indonesia sing pengungsen nalika Jepang ngebroki Indonesia, lan sabanjure tetap usaha balik njajah Indonesia maneh sawise Perang Donya rampung, dibandhani mawa aksi militer, uga ngrayuk wong pribumi Indonesia sing gelem didadeake prajurit ngewangi Landa upamane sing disebut tentara Cakra kuwi*).
“Sing prayitna, ngliwati penjagan, “ujare Ngesthireni. Dheweke uwet njupuk barang saka bak mburi banjur diseleh ing pangkone Gerlambang Tommy – gun!
“Aku perlu prayitna marga kok eloni. Ten ijen daktuduhake kertas iki,” ujare Herlambang rogoh-rogoh sak klambi, ijo sisih kiwa terus menehake kertas marang Ngesthireni. “La suratmu? Apa bener kandhamu mau yen kowe kaayoman angger-angger Negara Inggris?”
“Surat iki ora palsu. Aku ketemu wadyabala Inggris nalika perang ngrebut Pulo Seram. Telung taun aku eneng Pulo Seram. Biyen aku diangkut dening tentara Jepang pangkat kapten, kancane kangmasku jenenge Kawanabe, saka Pulo Jawa kene, jare arep dikirim menyang Tokyo, sekolah bidhan. Diterake nganti munggah kapal terus pethal. Ora ngertia ditanggroake neng Pulo Seram. Akeh prawan-prawan Jawa, Sundha lan Sumatra kapusan dening Jepang kaya aku. Saangkatku wae wong sawelas, umure rata-rata limalas-pitulas taunan. Akeh sing ora kuat nampa pacoban lan mati. Ing kapal utawa ing dharatan padha dikon ngladeni nafsu bejato para heitaisan. Aku hasil umpetan ing omahe wong kana. Nganti pasukan Inggris ndharat. Aku bisa basa Inggris, mbiyantu nulung wong Inggris nggepuk Jepang. Bubar perang aku digawa menyang Surabaya. Sadurunge oleh nunutan nlusup menyang tlatah Republik aku nyambutgawe ing BAT, Britsch American Tobacco, pabrik rokok ing Ngagel Surabaya. Layang iki minangka cekelanku marga bantuanku ing Pulo Seram. Durung nganti telung sasi neng Surabaya, limang dina kepungkur Can Grinsven mampir ing kantorku. Crita marang Smith, kapala babaganku nyambutgawe, yen arep ngirimake kowe menyang pendhalaman. Gage wae Smith titip aku lan aku gage siyap-siyap.
Wayah surup srengege, dalane saya ora rata. Ing ngarep kanton remeng-remeng prahoto mandheg ing pinggir lurung. Parane papagan karo arah lakune jip.
“Ana apa kae”? Ngesti nyuwara njenggek
“Sajake konvoi mogok”
“Nyamari ora?”
“Yen konvoi thok ora nyamari. Suratmu isih payu kanggo liwat.
Herlambang ngrogohi sake, banjur ngulungake surate Van Grinsven sing mau dituduhake Ngesthireni.
Srengege saiki wis ambles ing bumi sisih kulon. Kari sunar-sunar abang mbranang, sulake isih kuwat madhangi jagad. Madhangi wong maca layang printah saka Seksi Intelejen VDMS Mojokerto ngeterake Nyonya Inggris menyang Brangkal.
Sawise rada sawatara wong kruntelan ing alang-alang tengah sawah apayon langit obyor lintang kuwi wasana kari padha krenggosan.
Padha aso, padha turu. Pules. Tangi turu, isih ing tengahe alang-alang, ing tengahe wengi. Terus padhang gembregah, gendhang tangan sarimbit nutugake laku.
Embun wengi isih sumrambah. Irenge wengi isih njanges. Mara-mara Helambang nahan lengene Ngestireni. Waspada! Tangan kiwa nyekel janggute pawestri kuwi, dikon nyawang mangulon. Ana regemenge wong. Ngadeg njejer.
Wong loro nutugake laku, sajak ora prayitna. Mlaku urut-urutan liwat galengan.
Kahanane isih remeng-remeng. Jago kluruk wis padha rame kapiarsi. Tekane Herlambang lan Ngesthireni tumuli oleh kawigaten.
“E, kok aneh! Saka Brangkal kok karo wong wedok!” ana sing rerasan ngono.
“Mata-mata ayake!” keprungu wong-wong sing ngrubung padha rerasanan.
Ora let suwe ana wong nggawa obor teka. Ora ijen, nanging dieterake watara wong lima.
“Heh-heh-heh! Ana apa iki?”
“Lapur, Pak. Wonten tiyang dalu-dalu mlebet leladan mriki. Saking garis dhemarkasi. Jaler estri lo rak tiyang nyalawadi ngaten menika,” sawenehe prajurit lapur.
Krungu tembung dilucuti mau, para prajurit katon pating plingkuk. Rumangsa padha salah, nanging pancen ora wani tumindak. Herlambang maju lan kurmat cara militer marang wong cendhek kang dhempal kuwi.
“Kena apa kudu dilucuti? Aku wong mardika neng Negara Republik Indonesia mardika. Aku saka TP (TP = Tentara pelajar Jawa Tengah, yen Jawa Timur TRIP Tentara Republik Indonesia Pelajar*) front tempur Purwodadi Grobogan, nanging saiki mundur menyang Gemolong Kuwu, Sragen sisih elor.
Sajrone Herlembang omong, pengawal-pengawal sing nggawa bedhil mau ngupengi Herlambang.
“Ha, ha, ha! Hm, pinter ngomong! Nanging yen liwat kene, kudu diperiksa. Yen diperiksa kudu tanpa bedhil, heh-heh-heh” ujare komat lan pasukan kuwi.
Herlambang rogoh-rogoh kanthongan klambi. Dheweke ngapalake layang-layang diseleh ing kanthong klambi sisih tengan. Sisih kiwa isi emuk tilas wadhah pastiles, njerone premen pedhes kaya-kaya gawean Republik.
Sursana layang persis padha karo rembug perjanjen, anane Ngesthireni ora ngowahi prajanjen. Mula Herlambang kudu pinter angon ulat lan semu kango nyalemetake anane si Kenya kuwi.
Cekake perpriksa tetap dianakake. Ganti-ganti Herlambang lan Ngesthireni diperiksa mlebu shentong. Nalika Herlambang mlebu senthong, Ngesthireni ngenteni ana ngarep senthong karo senjatane.
Herlembang ora ana seneng congkreh ing ngarepe wong akeh mengkono.
Wong papat ing sakupenge meja, ora ana sing omong. Kabeh pada ngenteni putusane dhokter lan Sagriwa.
Polatane Sagriwa angel diterka. Yen mlengeh durung karuwan yen seneng, yen mbesengut durung karuwan yen nesu. Malah nalika Sagriwa nyureng mlaku alon-alon bebarengan karo Dhokter Sambudi sing omong klesak-klesik marani tengah pendhapa, sing padha ngenteni ora bisa gage nerka kabar becik apa ala sing bakal katampa dening Herlambang lan Ngesthireni.
Dene Herlambang wis ngokang tommygune lan diacungake marang Sagriwa. Ngesthireni tetep mleruk, ora perduli ana kedadean gebrag-gebrag meja, barang golek lungguhan ngadhep meja, tas mendhonge diseleh ing meja. Dene Dhokter Sambudi lan Kiswanta mlebu wong sing anyar, ora ngerti klakuane Sagriwa mung pating plenggong.
Kacarita wong telu wis ninggalake desa dhemarkasi. Kiswanta akeh omonge, tangkepe digrapyak – grapyakake kadi tuwan rumah wilayah kono. Antara liya nyritaake yen dheweke petugas CL devisi tentara resmi ing Sala.
“Prayogane mengko nginep ing Badan Perjuwangan Putri Wae”, crita Kiswanta mratikelke. “Mengko aku sing mrenahake. Aku duwe kanca akeh, kok ing Jombang. Dalah bupatine aku ya tepung”.
Sepur menyang Jombang durung budhal. Ora mung bisa nutiti, malah Kiswanta isih kober pamit menyang markas CL lan terus nyusul menyang setasiyun.
Nalika pisah karo Kiswanta, Herlambang nyekel lengene Ngesthireni, omong srengen, “Aja ngambeg kowe, Reni! Satemene aku wis ngira yen arep kedadean mengkono. Tengah wengi mau bengi wis dakrancang priye baya uniku bab kowe yen ditakoni penjaga tapel wates dhamarkasi.
“Nanging yen kowe mata-matane Republik, yang modal! Modhelmu dudu wong tresna bangsa! Dudu satriyane Negara! Nyatane nyang wong wedok bangsane dhewe gelem ngremus kanthi mentalane kaya mau. Ora duwe ngeman marang wong wadon bangsane dhewe blas! Mau bengi wis diprawasa, esuke dipriksa dhokter ora prekara lara apa waras, ya koktegakake wae …!”
“Lo, prekara pepriksan dhokter kuwi yen ora dituruti rak bisa ngrendheti lelakon kita. Bisa ndadekake onya. Mau aku rak wis kandha, sing kita lakoni mau bengi rak marga aku jaga-jaga yen ngemu prekara kaya pepriksan dhokter ngene ini.”
“Wis aja ngomong prekara kuwi maneh! Ndeleng deksiyamu marang aku, aku sing titipane Van Grinsven, titipane wong Landa, mesthine kowe nganggep aku mata-mata Walanda. Lan kowe satemene Republiken wong Republik. Aku pantes kok korbanke, kok siya-siya. Nanging ndulu saka pihake Van Grinsven aku ya nggumun banget, kena apa Landa tindhihe VDMB kuwi aweh kapercayan banget marang kowe Letanan lo. Rak dudu wong bodho.”
Herlambang ya banjur meneng. Medha olehe ndhedhesake pikirane marang Ngesthireni. Lungguh sedhakep sendhen tembok. Merem-merem, nyoba nglalekake kang mentas padha diregejegake.
Ngesthireni atine isih pegel. Sanajan wiraga utawa njabane bisa dicandhet, direm, nanging pikirane terus klambrangan ora karuwan.
Puyeng banget pikirane Ngesthi, dheweke banjur gedheg-gedheg, ngipatake puyenge pikir saka sirahe. Terus sendhen tembok, kaya sing dilakoni Herlambang.
Kiswanta teka magita-gita. Ambegane krengosen, sajak mentas mlayu-mlayu.
Herlambang krasa arip. Satekane Kiswanta, dheweke banjur ngetutake aripe mripate. Herlambang ora pati seneng karo Kiswanta, marga rumangsa diawasi. Ora seneng  marga ana wong katelu, sing mesthi ngrusuhi anggone ijen-ijenan karo Ngesthi, lan ngrusuhi karo misine wong loro kuwi. Herlambang nutugake takon grapyak marang kiswanta, “Kowe neng Sala ing kampung ngendi?”
“Lojiwetan”
“Lojiwetan?” pitakone Ngesthi sajak kaget.
Sepur teka. Wong-wong padha pating dlajig ngadeg ing pinggir ril. Wong telu mau kepeksa kandheg guneme. Padha samekta numpak sepur.
Budhale sepur sidane awan banget. Ngenteni pengungsi-pengungsi resmi saka dhaerah pendhudhukan sing liwat Mojoagung. Wong-wong mau didhaftar lan diklumpukake dhisik ing Mojokerto, diangkut menyang Trowulan nganggo prahotone Landa, saka Trowulan menyang Mojoagung mlaku nrobos dhaerah dhemarkasi, ditampani dening PAM (Panitia sing ngatur pengungsen resmi pihak Republik*) Mojoagung, terus dikirim menyang Peterongan.
Ngesthi ngajak bali menyang gerbong. Sanajan budhale sepur durung karuwan jame, wong-wong wis akeh sing numpak luwih-luwih para bakul. Njero sepur sumuk, nanging Ngesthi nekat mlebu ing tengahe gerbong, perlu arep turu.
Sepur budhal, Tekan Jombang wis nglanjak wayah sore. Kiswanta ngajani golek penginepan dhisik, marga yen wis sore sok kangelan. Oleh losmen cedhak stasiyun, wong telu njaluk kamar loro, siji kanggo Kiswanta ijen, siji kanggo Herlambang karo bojone.
Restoran Sedhep Malem beda karo Restoran Tong Sien. Ambune mangsakane ora muda, lan ing kono ora adol bir, tanpa peladen nonik Jawa rok-rokan. Ewa samana Herlambang olehe mangan dhokoh.
Lagi enak-enake mangan mengkono pundhake dicablek uwong, “Ton! Nggethune olehmu mangan, Ton”.
“Aku Atrum, Ton! Mongsok lali? Kapan kowe teko mrene?” omonge wong mau.
“Maaf jenengku dudu Ton,” Herlambang mangsuli karo rada nyengigis, rada isin, rada gumun, ning ya kudu grapyak. Tepot ngatur tangkepe.
“Aaah! Kowe ki! Sapa kancamu ngedhang kopi panas neng asrama Purwodadi yen dudu Atrum?
“Nuwunsewu yen aku gawe isin. Nanging temen, aku ora tau mrana.”
“Sombong kowe ya, dupeh nggawa bedhil anyar lan wong ayu!”
“Jenengku dudu Ton. Wis, nyingkira, yen ora gelem dakjagongi klawan becik. Ora apik tetemon bengkerengan dideleng wong akeh!”
Sadurunge ninggalake restoran, Herlambang isih ngrokok barang. Rokok krtek cap Cecak weton Nganjuk, sedhepe eram.
Awake wis seger maneh. Wong telu nutugake mlaku-mlaku ndeleng. Kutha Jombang, Srengege sasi Agustus ngarepake angslup, langit sisih kulon sumilak abang. Sajrone lumaku wong telu mau arang banget omonge. Kerep meneng. Tembung sakecap rong kecap metu saka Kiswanta ora sambung.
Nalika anggone mlaku-mlaku liwat cedhak pasar, Ngesthireni mepet Herlambang. Herlambang tanggap ing sasmita. Ngesthireni mepet ora marga dalane rame wong ing pasar sore padha suk-sukan nanging ana pamrih liya. Ditoleh drijine aweh sasmita yen Herlambang dikon nyawang manut driji panudinge mrana, cedhak lawang palang sepur.
Cedhak karo anggone mlaku-mlaku kono, lan manut panudinge Ngesthireni, Herlambang weruh wong sing nyablek dheweke mau omong-omongan ngotot karo Letnan Pengkuh. Sajake ana sing dadi sabab bengkerengan kang prinsip.
Kiswanta mlaku gegancangan marani sawenehe panggonan. Lampu listrik Kutha Jombang kurang voltasene, mendrip-mendrip abang, ora kuwawa madhangi pojok-pojoke kutha.
Kiswanta ora kakehan rembug, nyekel gagang tilpun kuna sing ana kamar, banjur njaluk disambungke interlokal menyang Madiun. l
Kriiinggg! Interlokal sambung. Kiswanta ing corong tilpun, njaluk disambung karo nomer ing Madiun. Terus omong karo wong jeneng Sirtuhadi ing Madiun.
Sakwise pamit, oleh idi, Kiswanta nggawa bedhil otomatis. Ora lali aweh dhuwit marang wong sing tunggu tilpun mau.
Rumangsane anggone turu durung tanek. Durung tutug anggone ngrukokake suwarane wong sindhen  dikendhangi ngayut-anyutan tengah wengi, dene pikirane nglayap marang pacelathon kang mentas wae diprungu saka Kiswanta.
Rumangsane anggone turu durung tanek. Durung tutug anggone ngrukokake suwara wong sindhen dikendhangi nganyut-anyut tengah wengi. Ler, keturon ndadak digugah uwong. Ngesthireni gage nggrayangi tas mendhong nggone nyimpen pistul. Nanging enggal rumangsa aman, marga krungu suwarane Herlambang.
Herlambang wis nyauti barang-barange. Ngesthireni enggal mencolot saka tempat, mbenakake rambut, klambi, nyangklong tas mendhong terus ngetutake Herlambang metu saka Kamar.
Ngesthireni manut sanajan ora mantep. Wong loro cenunuk-cenunuk liwat gang ngiringan losmen, terus tekan ngarepan. Wong-wong lagi rame-rame ngrubung wong kaprejaya ing antarane wong-wong sing nginep ing kono. Kurban dicoloki oncor, dadi cetha terwaca. Ngesthi kober maspadakake. Sing dirubung wong menganggo klambi sogar. Ing celanane kang digantungi pistul katon teles. Embuh ompol apa getih ngembes.
Ngesthi diglendheng Herlambang. Kena apa dheweke ora oleh ndeleng? Wedi yen ora kuwat? O, ing Pulo Seram akeh wong mating sih luwi nggegirisi tinimbang iku! Ana sing sekarat kena bedhil. Kena apa Herlambang nglarang dheweke? Kena apa kesusu timen? Rak isih esuk nemen? Sepur menyang Madiun jam lima mengko?
Sadurunge tekan stasiyun, Herlambang ngglendheng tangane Ngesthireni mlebu menyang sawenehe pekarangan. Ing kono ana montore.
Dheweke tetep marani montor. Kacane tutupan rapet. Kaca jendhela cedhak stir diantem nganggo gagang bedhil, pecah. Sarana disurung-surung suwe-suwe mlaku. Herlambang nyurung kari nyekeli setir. Tekan pinggir dalan, rada adoh karo omah sing duwe montor, Herlambang mbukak lawang. Ngesthireni dikon mlebu. Barang-barange dilebokake uga. Herlambang mbukak kancinge tutup mesin montor. Mudhun, mbukak tutupe mesin, ana mesin sing di uthek-uthek.
‘Mbak, wong lanang kuwi sapa ta?” Ngesthi kelingan pitakone Kiswanto sing sajak adreng. Sing sajak sujana banget karo Herlambang. Sujana embuh marga Herlambang diakui bojone, mangka Kiswanta sajake dhemen karo Ngesthi. Embuh sujana marga Kiswanta jaya ngerti tenan sapa Ngesthireni, sing jare kenal karo Raden Mas Yogyantara Lojiwetan, nanging babar pisan ora ngerti sapa Herlambang. “Ah, gak percaya! Kene kudu ngati-ati lo, karo wong tepungan anyar. Mengko gek mungsuh mungging cangklakan”.
La iya, Ngesthireni dhewe rak iya ora ngerti tenan, sapa ta Herlambang kuwi? Kok dibelani Ngesthi gelem nginthil dheweke?
Nguthek-uthek mesin rampung, krukupe mesin ditutup, Herlambang terus mbukak lawang sopiran arep munggah menyang montor.
Thorr!! Keprungu tembakan
Herlambang gage mlebu ing montor. Cepetan nguthek-nguthek kabel mesin ngisor setir, dionceki nganggo pemes, dicambung terus dhrrrnnnn! Mesine urip.
Kanthi aboting ati, Ngesthi nyandhak tommygun, jaga-jaga. Kebacut ngatut Herlamabang, dadi ya labuh pisan marang wong lanang sing kebacut dadi bojone kuwi.
Thor-thor-thor! Kaca ngarep rengat. Ngesthi endha. Tommygun dikokang, kaca jendhela lawang ngarep dipecah. Mripat pandirangan. Sapa sing ngoyak dheweke lan Herlambang? Sing ngoyak kuwi mesthi ngerti yen Herlambang sing mrejaya Atrum. Sing ngincer sajak kok ya duwe bedhil otomatis! Apa Letnan Pengkuh? Mripate Ngethi pencerengan, pendiringan. Ora ana sing katon wong kemiliwer. Penembake mesthi ndhelik.
Montor geblas mlayu ngulon! Ngener dalan gedhe menyang Madiun.
“Mbaaaakk! Entenana aku, Mbkaak!”
“Kosik, Her! Ana wong undang-undang, nututi! Kaya swarane Kiswanta!” ujare Ngesthireni karo nginguk jendhela, tumoleh memburi. Congore tommygun uga diadhepake memburi.
“Muga-muga slamet!” pandongane Ngesthireni kawetu
Sing dienteni isih sugih pratingkah. Mlayu krengesosan nututi montor karo ngacung-acungake bedhil, wis cedhak karo montor, ndadak mingger memburi, ngokang bedhil terus mbedhil, thor-thor,thor!
Playune montor kaya disawatake. Enggal-enggal tekan Kertosono. Dalane bledug, saben-saben kudu menggak-menggok marga lurunge dijuglangi, dirintangi bantalan karung pasir, utawa dilangi tegoran wit gedhe pinggir lurung malang-malang.
“Mbak, aku ora ngerti kena apa kene keplayu-playu? Apa mbak Ngesthi ana rancangan liya? Aku satemene rak wis gawe rancangan kang kepenak, budhal esuk numpak sepur saka Jombang?” ujare Kiswanto
“Aku ora rumangsa brejanji lungan bareng karo kowe, rak iya ta? Kena apa kudu tansah manut rancanganmu?” wangsulane Ngesthireni
Ngesthireni satemene dhewe iya ora ngerti kana apa Herlambang duwe karep budhal saka Jombang isuk-isuk. Mau alasane jare ana rajapati.
Kiswanta bisik-bisik maneh marang Ngesthi. “Aku bisa ngatur sapetemonmu karo Mas Yogyantara Mbak!”
Unine mesin gereng-gereng, omong-omonge Kiswanta mesthi wae ora keprungu dening Herlambang.
“Yen wis oleh pilihan karo sopirku iki aku arep menyang Sala, merlokake ketemu karo raden Mas Yogyantara” wangsulane uga bisik-bisik.
“Lo, yen sopir kuwi ora diperlokake maneh, bisa ta disingkirake wae?”
Ngethireni ngujak napas lundhung “Mas Herlambang tetap dadi wong sing dakanut nganti saprene. Embuh mengko yen wis saya ngulon, cedhak, Kutha Sala”
“Walah meh nyabrang kali wae mandheg” ujare Herlambang.
Kanthi trengginas Herlambang metu saka montor. Mbukak tutupe mesin.
Ora ana sing ngongkon, Kiswanta nglangkahi sendhenen kursi pindhah bak ngarep jejer Ngesthi, “Ngakua, Mbak. Herlambang kuwi rak dudu garwamu, ta? Rak mung kanca kepethuk ing ndalan wae, ya kanca nyabrang garis dhemarkasi? Kowe merlokake mlebu saka dhaerah Walanda mrene perlu ketemu Mas Yogyantara, rak iya ta?”
“Kena apa kowe duweni sipat drengki kaya ngono, Kis?” Ngesthireni ora wani omong bantas.
“Wiwit wingi aku ngerti. Ndeleng caramu nglucuti Pengkuh ing ngarepe Sagriwa. Panjenengan pancen elok, Mbak Ngesthi. Tepak tenan yen milih panjenegan dadi kaya ngono kuwi.
“Ora susah ngelem aku. Mas Herlambang mbutuhake bantunmu niti priksa mesin montor. Enggal mudhuna”.
Kiswanta nyekel setir, ngidak gas. Kawat-kawat strum dgoleki, digandhengake, mesine nggereng. Ngerti mesine apik meneh, Herlambang nutup kudhunge mesin montor.
Langang sopiran ditutup ngeget, presneling mlebu siji, gas dipancal, mara-mara montore mlaku. Sing nongkrong neng slebor kageblag tiba. Kiswanta ing sopiran nyeyotake lakune montor supaya radha mburi mlindhes Herlambang sing tiba glundhungan. Ngesthireni njerit, gage ngrebut setir, nanging Kiswanta kanthi kasar nyikut dhadhane Ngesthi, dhug! Seru banget. Ngesthi nggeblag, dhadhane krasa ampeg. Swantara lakune montor sleyotan meh nabrak buk kreteg Brantas, nanging terus kenceng mlebu dalan maneh, mlebu kreteg.
Herlambang kang kageblag trengginas salto njengkelit, rodha mburi liwat mung kacek sekilan saka dheweke. Montor liwat, dheweke mlumpat menyang mburi montor, nggandol. Kanthi rekasa dheweke nggoleki barang sing kena dienggo cekelan. Nalika montor mlaku kenceng mlebu kreteg, dheweke wis methakol ing mburi montor.
Longgar ambegane, Ngesthireni menthelengi Kiswanta. “Rumangsamu ki piye ta, Kis? Kowe ke ditulung diolehi nunut, jebul kaya ngene piwalesmu! Mula bener kandhane Herlambang, becik kowe dibedhil wae ben mati. Kowe ki apa ora rumangsa kepotangan nyawa, bisa lepas saka tangane Pengkuh marga montor iki?”
“Sakarepmu kandhamu, Mbak! Nanging karepku marang panjenengan becik! Yakuwi nemokake panjenengan karo kangmas Yogyantara. Aku ora rumangsa utang nyawa karo Herlambang. Sing genah dheweke marakake kisruh marga mlayu nganggo montor iki! Rencanaku kene tekan Madiun numpak sepur. Nggono luwih kepenak”.
Montor mandheg ing tengah dalan. Lawang sopiran dibukak. Ngesthi diglandhang metu.
“Ikik! Aja kok glendheng, ta! Aku suthik kok jak mlayu-mlayu! Aku wong bebas, dudu tawananmu.
“He-ning, Mbak! Awake dhewe rak padha karepe….! Heh!” pambengoke Kiswanta. Kaget dijlogi uwong saka ndhuwur payon montor. Herlambang!
Kiswanta nyoba nulak karo bedhil sing digawa nanging ora guna. Drijine Kiswanta nyetil platuke behdil, dhor! dhor! dhor! ban montor gembos sak kal. Pandelengane Kiswanta peteng. Sirahe kena kampleng tangan antep. Pleg! Sepisan. Pleg! Pindho. Trus kelenger.
Dinane saya padhang. Sisih wetan langite abang mbranang. Sajake wong-wong Kertosono yaw is wiwit padha tangi. Kabeh mau gawe kesusune atine sing padha mlayu ninggal montor gembos neng tengah dalan lan wong semaput kelaran.
Si sopir prahoto rambut putih mbuh krungu kabeh embuh ora rembugane Herlambang lan Ngesthireni kuwi. Embuh mung ngerti isine, embuh babar pisan ora ngerti, ora perduli. Sing genah dheweke nyopir nggethu, lakune prahoto banter, nggereng unine mesin iya mbrebegi kuping. Upama caturane sing padha nuntut keprungu, kira-kira ya ora jelas marga dibrebegi uni gerenge mesin. Lan sopire sajake ya ora arep sedhil apa sing padha diomongake wong-wong kuwi. Prahorone digenjot terus lakune.
Wayah awan ngarepake bedhug, prahoto mlebu tlatah Kutha Madiun. Ngarepake mlangkah ril sepur kang kaya-kaya tapel watese Kutha Madiun, sisih lor, prahoto digledah dening tentara sabajeg akehe.
Barang ing bak mburi digledah. Sakwene kuli wis tengah ngumur sing tunggu karung, jare kuline prahoto dikon mudhun, uga digledhai.
Wong wadon sing lingguh cehdak sopir unthek sogok-sogok slilit untu, mangling jendhela, mesem marang sawenehe tentara, “Tugas neng front ngendi, Mas?” Rambute klabangan dikipatke memburi.
Sing disapa maspadaake, kesengsem weruh rai ayu sing mesam-mesem.
Prahoto budhal. Para tentara padha rerasan, “Mbok menawa ana prahoto liya mburine mengko. Dudu sing iki”
Prahoto nyabrang ril, terus mlayu kenceng. Liwat Hotel Merdeka, ora menggok, ora mandheg. Wasana mandheg ing sangarepe omah gedhong gedhe wangunan Cina, sajake ya isih dienggoni keturunane sing mbangun. Mesin dipateni sopir kuplukan mudhun.
Wong wedok ing sopiran iya gage mudhun, terus nyedhaki si sopir. Si sopir terus ngajak wedokane menyang mburi omah kuwi, jare arep omong-omong karo wakil juragane prahoto kuwi mau dhisik.
Olehe sapatemonan ora suwe, ringkes banget lan priyayi sepuh mau wis tanggap banget, mula banjur kandha, “Kena, kancamu kuwi jaken menyang tunggonmu! Mung daksedhiyani kamar siji. Anu dadi bakul jarit wae. Bakul jarit adate nginep neng hotel.”
Kamar sing dicepakake kanggo tunggone sopir kuwi ciyut banget. Ana lincake siji ora kena dingo turu wong loro. Sopir mlebu, wong wadon mau ya nututi mlebu ora minggrang-minggring.
Esuk umun-umun lawang kamar panginepane bakul jarik saka Sala didhodhogi wong. Thok-thok-thok.
“Mbak! Mbak Ngesthi! Aku, Mbak, Kiswanta! Tangi mbak. Manuta aku wae, kita mlayu menyang Sala, Lojiwetan Prahotone wis siyap! Herlambang kon manut! Yen ora kene dakrangkete! Tuman! Ngganggu wong tugas wae! Ayo, tangi Mbak!”
“Edan! Wong iki luwih membayani katimbang Pengkuh!” gumremenge Herlambang.
Kanthi gendhulak-gendhulik, awak mung dibungkis jarik tilas kemul, Ngesthireni marani lawang. Hotel penginepan kuwi tilas omah kuna, kamare amba, lawange kayu jati bakuh, kandel, gedhe lan dhuwur. Kuncine ya sentosa. Kunci diputer alon-alon. Ceklek, sepisan. Mandheg. Dhog-dhog-dhog! Ngesthireni ambegan landhung, natagake atine. Ceklek, ping pindho. Terus diengakake sethitihik, alon-alon.
Ana wong lanang teling ing ngarepe lawang, Ngesthi weruh, kabeh sikep gegaman, ana sing pistul, ana sing mingis-mingis. Kiswanta tholang-tholang nggawa bedhil cung.
Herlambang digoleki ora ketemu! Ilang! Kabeh dikon metu ben ora padha weruh Ngesthi wuda.
Temune bali padha mlebu kamar, durung kumecap apa-apa marang sing duwe kamar mripate wis padha incang-inceng waspada nggoleki buron lanang. Ngisor tempat tidur, balike lemari, pojoke kamar, di incang-inceng. Tapi sepi ora ketemu Herlambang.
Herlambang saka hotel penginepane, mbrobos gendheng, terus mlembar-mlembar liwat wuwung omah, jebus dalan prenah mburi hotel. Anjlog, terus gegancangan mlaku ngetan, menyang pasar. Pasar gedhe wis rame, dhokar saka brang kulon lan kidulan akeh sing wis teka, nggawa kasile karang katiren saka ndesa. Herlambang mblusuk mlebu pasar, awor wong sing lagi umyek. Tolah-toleh, terus mlaku maneh nguncug ngetan, liwat los-los baku sembet.
Bubar sarapan soto babat, Herlambang bali mlebu pasar, nggoleki los-los bakul sembet.
Bubar tuku celana tisikan, Herlambang golek kebutuhan liyane.
Nalika metu saka pasa gedhe, ngenyang becak menyang setasiyun, Herlambang wis dudu pemudha pejuwang utawa bakul jarik saka Sala. Nanging wong tani sing sok tilik sedulure ing kutha liya sangu pikulan karo kurungan manuk kutut, iket-iketan, capingan, clana ijo, sandhal kulit, kalung sarung bathik kawung sogene wis mindho. Sandhangan samara sing kaya ngene mokal yen bisa dicukupi dening Letnan Van Grinsven, mula dheweke kudu golek modhel dhewe neng Pasar Madiun.
Herlambang bisa mlebu peron stasiyun liwat lawang biyasa, ora ditakoni apa-apa, malah bisa udut ndecus rokok kretek cap Keris, gawean Madiun sing kondhang nalika semana. Saka lawange kamar priksan sing mbukak, Herlambang weruh Letnan Pengkuh nyetitekake wong wedok-wedok sing padha digawa mlebu. Sajake Letnan Pengkuh sing dadi tindhihe pepriksan kuwi. Klerehane ana sing disentak-sentak, marga sing ditangkep dicakup angger wong wadon wae. Ora manut ciri-ciri pituduhe.
Sepur menyang Sala budhal nalika srengenge wis mencorong. Wong jejel uyel-uyelan, ambune tengik. Lan Herlambang katut ing sepur mau. Meh ora bisa lungguh. Kurungane dideleh neng wadhah barang gawan ndhuwur lungguhan, campur krajang mbako. Jogane gerbong wis ora katon, marga digelari slendhang utawa bungkusan kain dienggo lingguh uwong. Ewadene wong wadon ing kono isih  kober nanging, wong lanang udute saingan karo lokomotip. Luwih elok maneh, nalika sepur lagi rikat-rikate mlaku, tentra-tentara mlebu, ngledahahi barange penumpangan lan niti priksa raine penumpang wadon. Malah ana sing isih enom, dikon nyilakake jarike, diperiksa pupune tekan lakang. Ya bocahe ginjal-ginjal. Para penumpang liyane padha mesakake, nanging ya ora wani mrotes. Wong sing mriksa lasykar Pesindo sing seragame soklat. Wis kawentar sangare.
Ora kacarita lakune sepur snel Madiun – Kutoarjo, wayah bedhug sawise ninggalake setyasiun Mojosragen mandheg maneh tekan sawenehe setasiyun cilik Masaran. Jenenge thok wae sepur snel, snel kuwi basa Landa tegese cepet, nanging lakune rendhet banget kaya sepur thruthuk, ujas-ujus ujas-ujus ora ndang tekan Sala.
Herlambang nyangking kurungan lan pikulane, ikete wis ditutupi capinge, karo permisi njaluk dalan arep metu. Dielokake wong sing nggenteni panganggonane lungguh, dheweke gupuh ngibas-ngibasake tangane menyang bokonge.
Ing gerbong sepur sing ungkep, apek lan suksukan kuwi, wong-wong isih kober mesem krungu banyolane wong sing lagi oleh kelonggaran linggih.
Herlambang sing memba-memba dadi wong tani open kurungan manuke, ora ngrewes kahanane kuno. Tetep kesusu mudhun, anjlog wae saka gerbong sepur.
Sepur budhal maneh, marga sinyal abang budhalan sepur wis dibukak. Ora ana katrangan apa-apa saka sep setasiyun, kena apa sepur snel kuwi kudu mandheg dhisik ing Masaran.
“Muga-muga wae, anak buahe Pengkuh durung tekan kene, lan ora weruh montor iki” Pikire Herlambang. Marga montor liwat lurung padesan kuwi nyolok mata banget. Ing jaman Republik ngene iki aneh banget. Jare rakyat Indonesia kuwi sakit lan miskin, nanging nyatane Herlambang isih bisa oleh nunutan montor sing mesine brenges kaya ngene! Apa iki jalaran Herlambang laku dadi Dom Sumurup Ing Banyu? Tegese oleh bantuan kang murwat banget marga tugase! Upama dadi rakyat Republik Indonesia biyasa, mesthine dheweke ya sakit lan miskin? Ora numpak montor apik ngene iki! Yen Letnan Pengkuh ngonangi, wis genah tanpa ampun anggone ngaranai Herlambang spion, mata-mata Landa, oleh tetumpakan kepenak ya saka pretikele Landa! Montor kang nyleneh karo penumpang kuwi mesthi dauber nganti tekan njerone neraka.
Republik Indonesia beja ing jamane perang mungsuh Walanda, cumpen ing gegaman lan mimis, isih nduweni pabrik mesiu ing Batu Jamus. Sumber senjata sing paling ampuh. Nalika Walanda nganakake “Politieneel actie 1947” sing ditegesi “Aksi polisi nentremake kahanan”. Dudu perang, nanging nyatane nyerbu tlatah Republik ing Jawa Wetan, Kulon lan liyane maneh nanggo kekuwatan militer, padha gumun banget dene Republik kok nduweni mimis apik-apik lan mentes.
Operasi politieneel actie Walanda Juli 1947 mandheg marga dicegah deneng PBB. Diadani rembungan, antarane Republik Indonesia karo Walanda, kang banjur ngasilake prejanjen Renville 17 Januari 1948. Renville kuwi jenenge kepal Amerika Serikat sing labuh ing tengah segara ing Sungapan Jakarta. Rembugan ing kapal tengah segara kuwi atas panjaluke pihak Republik.
Woladene ing sasi Agustus 1948 wis suwe ora udan lan wilayah Batu Jamus garing, ora katon sanajan klebu ing alam pegunungan, ing wayah ana montor nyalawadi mlebu ing leladan kono saka dalan arah Masaran. Montor mau mandheg ing pinggir alas, ngundhunake sawenehe wong lanang, capingan, kalung sarung, ngrembat pikulan lan nggawa kurungan manuk! Sawise ngudhunake wong kuwi, montor banjur nerusake laku. Mlebu laladan desa Batu Jamus, montor distop tentara sing pacak baris.
Nalika samana, montor sing saka Masaran wis mlebu leladan pabrik Batu Jamus. Akeh wit-witan lan karung-karung pasir dari barikade ngadhangi nanging sopire montor sajak wis kulina ngliwati dalan sing sengaja digawe minggak-minggok iku. Sawise ngliwati kuwi, banjur ana ara-ara amba sing aweh cukup bawera karo gapurane pabrik. Ing ngarep kono, kajaba gardhu jaga ana omah penjangan.
Tentara sing jaga ing markas piket kaya wis ngandel banget karo tentara sing disebar ing tapel wates desa kana kae, dadi mesthine montor sak sopire kuwi wis digledhah resik, saka bab kang mbebayani.
Tentara telu sing kajibah ndhabyang wong desa kulite alus kuning tekan pinggire ara-ara. Markas panjagan tentara wis katon. Tentara sing paling kiwa gudhari tali gawane, terus nyekel tangane wong sing nggawa kurungan, karepe arep dibanda.
Tentara sing sisih tengan luwih prigel. Disampluk pikulan, ndhisiki ndlosor. Terus nyaut sikile sing arep mlayu. Kena, kesrimpet tiba.
Tentara sing ngirid lapur, yen wong iki dipergoki arep mlebu menyang desa wilayah pabrik kono, ngakune patani saka Majadhoyong, solah tigkahe nyalawadi. Mula terus ditangkep. Ditakoni ora bisa menehi kode sandi. Dadi terus diirid menyang markas kendhali oprasi, karep ben diurus dening tindhihe oprasi waspada wae.
Tindhihe tentara ing markas mutusake yen wong iku perlu ditanggap kanthi tlesih. Mula dheweke milih wong loro klerehane sing sajak lantip, dikon ngancani nggawa wong desa kuwi mlebu kamar omah penjagan. Dipriksa. Wong liyane ora oleh melu mlebu.
Ora watara suwe pancen ana montor sing mapag saka pabrik. Punggawa pabrik sing kajibah njupuk tawanan kuwi sikepe gagah. Sajake punggawa sing dilatih dadi pengawal pribadi, jago gontokan, luwih kasembadan katimbang tentara-tentara sing ana markas kono. Nalika samana wong dadi tentara Republik bandhane mung angger kandel, wani perang mungsuh Landa. Sing kaya ngono akeh padha ana ing front, dadi tebenge garis dhemarkasi.
Montor ayak mlaku, diputer balik mlebu gapura pabrik, bleduge mabul-mabul, Ana tentara loro sing mlayu ing mburine montor karo nyerot-nyerot beluk. Seneng ngambu gandane bensin.
Mlebu plataran, montor terus menggok ngiwa, mlebu menyang kandhangane. Wong desa mau dikon mudhun, terus diirid mlebu menyang ruwangan-ruwangan sing rapet, dipadhangi karo lampu listrik. Padhang njaba ora ketara, sanajan srengege durung ambles ing alas kulon pabrik. Sawise minggok ngiwa lan nengen ping pindho wong-wong mau mbukak lawang gedhe sajak antep lan wong sing dadi tawanan disurung mlebu.
“Hartelijk welkom heten, meneer Herlambang. Sugeng rawuh, “ujare salah sawijine wong sing lungguh kursi, nganggo basa Walanda.” Sliramu saiki neng antarane para kanca dhewe. Bisa omong bebas. Kenalna dhisik. Aku Insiyur Suwandi ing mandhegani bangunan ngisor lemah. Kiwaku iki, Dr. Honggo, ahli bio kimia lan wong Eropa kuwi Dr. Mann, salah siji saka ahli-ahli manca sing nyambut gawe ing pabrik kene.
Herlambang mung mesem tandha maklum. Sajak wis kulina numpak tugas abot kaya mengkono. Kanggo dheweke ora perlu janji-janji. Sing perlu tumindak ing gawe!.
Ir. Suwandi terus wae nutugake omonge, kaya-kaya pancen dheweke sing wis didhapuk dadi juru wicarane pasamuwan iki, “La saiki perlu dakblakani. Raden Mas Yogyantara ora fiktip kaya kandhaku mau. Pancen ana lan dadi pamrakarsane tugas iki. Piyambake ing kene mung dadi pangarsa administrator, nanging yuwasani teknik radio.
Herlambang manthuk. Katon lega atine dene suasanane dheweke bisa ketemu adu arep karo kepala sing jenenge Raden Mas Yogyantara “Geachte Heerden Mas Yogyantara! Meneer Lauidelmeyer laat U Hartelijketen. Ngaturaken salam kagem panjenengan.
“O, Maturnuwun. Hoe gaat’t met hem? Als alles dgaat, ‘t stuk zal zeker gaan, cekake yen lakune ngene bakale ndang beres kabeh. Nauw, laat maar beside. Mas Wandi, endi gambar sing kudung di opnemen?
Ir. Suwandi bali mbukak map. Milih kertas-kertas. Banjur dibeber ing maja. Gambar cengkorongane pabrik mesiu Batu Jamus. Herlambang ngawasake, nliti nganti tekan pinggir-pinggire gambar, kandel tipise gambar, ngresiki rereget sing katon ing gambar kono.
Herlambang ngencengake kertas, terus diematake anggone nyawang, ditlusur saka pinggir kiwa, mengisor lan mendhuwur. Mengkono nganti rampung tekan sisih tengen. Sawise kuwi, dheweke merem. Mbayangake gambar ing angen-angene. Banjur melek maneh, ngawasake perangan-perangan sing durung cetha, durung ganep. Banjur merem maneh. Bareng gambar ing pikirane wis premana tenan, dheweke ngawasake Raden Mas Yogyantara. “Wis rampung”
Kanthi ati kang kemerengseng Ir. Suwandi agahan nglempit gambar formula ekplosif kuwi, terus menehi podlot lan kertas marang Herlambang.
Herlambang konsentrasi maneh, terus wiwit nulis. Alon-alon. Bareng wis rampung, dheweke niti priksa tulisan tangane, nudingi angka siji-siji. Sawise ganep lan cocok, dheweke menehake kertas kang mengtas diorek-orek mau marang Suwandi.
Sing dituduhi manthuk-manthuk karo maspadakake angka-angka sing sadhabreg saka kertas sacuwil marang kertas sing amba asline.
Raden Mas Yogyantara melu maspadaake tilpun Ir. Suwandi nyasmitani supaya dheweke nyedhak. “Nyalawadi banget. Nanging pancen kene makarya konspirasi telik sandi, dadi ya bisa wae kabeh mau dadi jaringane kolone angka lima kita. Ayo, kita tindakake kanthi waspada lan prayitna. Sing sidik lan ngati-ati, aja nganti kejodheran. Dakkongkone sopir mapag kaya mau. Rerigene Yogyantara tumindak kanthi sigrak.
Yogyantara mencerengi Herlambang dhisik. Apa ana sing ora beres karo wong kuwi? Apa kepriye? Dianggep mungsuh, apa tetep dianggep tangan kanane? Dr. Honggo lan Dr. Mann dikon ngirid Herlambang menyang sawenehe kamar sisih kanane ruwangan, panggonan asale Yogyantara muncul.
Herlambang ora sugih omong, Saka kamar panggonan dheweke disikep kuwi, prayata bisa nonton kedadean-kedadean ing ruwangan kana. Sakiki Herlambang ngerti kena apa sawise diuji kelantipane mau Yogyantara banjur gage metu lan uga banjur ngerti apa sing padha dirembug.
Saiki Herlambang adreng anggone arep weruh sapa sing arep teka! Lan apa perlune teka. Marga manut Ir. Suwandi mau, sing nyebut jeneng Yogyantara kuwi mung wong-wong sing gegayutan karo misine, yakuwi ngirimake mata-mata Walanda menyang pabrik Batu Jamus kono.
Ngenteni limang menit kaya setaun!
Wusanane lawang dibukak. Sing mlebu kajaba punggawa pabrik sing ngirid Herlambang sepisan mau, disusul wong lanang loro karo wong wadon siji. Kiswanta! Sirtuhadi! Lan Ngesthireni.
Sanalika kuwi uga Herlambang duwe gambaran cetha! Ngesthireni kuwi wong Van Grinsven! Sing ngirim mlebu menyang tlatah Republik Van Grinsven.
Van Grinsven sing nyuludapake Ngesthireni. Lan sapa Ngesthireni kuwi, Herlambang bisa kenal saka pengalamane nalika bebarengan nyabrang dhemarkasi ijin. Wong wedok sing ulet, tampil, pinter lan pengalamane hebat! Patut ditugasi dadi spion! Gek kae Kiswanta ora nggawa bedhil cung, tegese kahanane aman. Papan iki pancen papane Yogyantara Ven Grinsven! Kiswanta utusane Yogyantara, Ngethireni spione Van Grisven Serepane Herlambang! Kabeh mau ora ana ing jladren rancangan.
Raden Mas Yogyantara sawise sekecap rong kecap ngrungokake omongane Kiswanta, mripate banjur mendelik. Mendelik wong sing mlebu keri, Ngesthireni.
Dene Ngesthireni, wong wadon kang lantip lan tatag, dipendeliki mung mesem, jumangkah maju kanthi sikep anggep, clathune, “Heh, Kangmas Yogyantara! Elok, dene kowe ngirimake wong kanggo mapag aku. Kumangka tekaku ora niyat mawa wara-wara! Kepriye? Kena apa kowe kok sajak kaget weruh aku?”
“Dhiajeng! Sliramu isih sugeng?!” pambengoke Yogyantara
Herlambang sing tansah nyemak lan prayitna saka njeron kamar wadi arep gage gemregah tumindak mberesake kejodherane, nanging Dr. Hanggo lan wong manca ing cedhake nyasmitani supaya anteng wae. Herlambang ngerti yen wong lowo kuwi wis siyaga nyembadani apa wae sing bakal klakon sing sakira ngrugekake balane. Mula Herlambang ya banjur menggak karepe, kaya-kaya netral. Kaya-kaya ora arep melu-melu urusane wong pabrik kono, kepetung prekarane Ngesthireni. 
Dene sing ora bisa ngendhaleni emosine malah Si Kiswanta. Weruh wong wadon sing ditresnani dipilara kaya ngono, Kiswanta mencolot nyandhak gulune ipene, terus ditekak! “Wong culika! Murka! Duraka!”.
Yogyantara ketekak gulune, ungkrat-ungkret bangga. Sanajan pawakane lencir lan pakulitane alus, nanging ngadhepi bebaya kaya ngono kuwi, Yogyantara ora gampang pasrah. Tangan sakero sing nekak gulune dienggo gandholan, sikile ndhupak dhadhane Kiswanta, ngek! Dene Kiswanta glayaran mundur. Pandelengane kepyur-kepyur. Mundure tekan papane Sirtuhadi, anggone kunang-kunang ilang. Bali awas. Weruh Sirtuhadi sing nyandhang tentara pistule katon njongat ing cethike, terus wae disaut, dibukak kuncine lan disentil plantuke. Larase tumuju marang Yogyantara.
Dhor! Dhor! Dhor!
“Oh! Oh! sambate ing kena mimis. Getih dleweran ing rangklakan kiwa, pistul sing dicekel mencolot sadurunge mbledhos.
Kiswanta munting, terus ambruk. Dheweke sing kena pistul. Kena dhisik. Kalah cepet karo jumledhore pustule punggawa pabrik sing mistul Kiswanta. Wong-wong mau sajake wis prayitna, sawayah-wayah ana kedadean kang ora manut rancangan bisa tumindhak cepet lan mbelani sang majikan. Yakuwi Raden Mas Yogyantara.
“Ha, ha, ha, ha! Bocah ora ngerti duga! Digegatheake, dibandani, diopeni, weruh wong wedok ayu sithik wae lali nyang wong tuwa! Bener Hundan, bedhilen wae uteke, ben modar pisan!” ujare Yogyantara karo ngisik-isik gulune tilas tekakane Kiswanta.
“Oh! Bajingan kowe!” pambengoke Ngesthireni. Gulung ing jogan, ora ngawur Sing diglundhungi pistule Sirtuhadi sing diceblokake dening Kiswanta. Kena saut, terus dhor! dhor! dhor! Wadon nanging trampile setengah mati. Karo gemlundhung nyaut pistul, terus jengkeng. Bubar mistul, mlayu nubruk punggawa pabrik sing pringisan. Ngrebut pistul-pistul sing dicekel dening punggawa pabrik kuwi.
Ping telu mbledhose pustule Sirtuhadi, kabeh ngenani tangane punggawa-punggaa pabrik sing nyekel pistul. Sirtuhadi, Ir. Suwandi lan wong ndhempal necis sing mapag Ngesthireni ing gapura.
Kocaba ing kamar wewadi nyemak kedadean kang kaya mengkono mau, Dr. Honggo gage ngranggeh kenop sisih kiwa. Knop kuwi yen dipetek, kira-kira lampu bakal mati, utawa ana bolongan jogan sing menga, ngumpetake Ir. Suwandi lan Raden Mas Yogyantara.
Dene Dr. Mann sing ngadeg ing tengene Herlambang ora obah ora mosik. Wis semaput luwih dhisik, kena kampleng Herlambang, kena lakange dipindhoni sikut atep ing weteng. Herlambang gage ngerut dhoktor-dhoktor loro kuwi terus digeret disingitake ing kamar wadi. Rampung dheweke uga metu saka kamar kono, mlaku sakepenake marani ruwangan panggonan pancakara.
“Angkat tangan kabeh! Ayo kowe mrana! Kumpul!” pokone Ngesthireni marang mungsuh-mungsuhe.
Wong lanang papat ora bisa nglawan wanita siji. Sebab pistul ing tangane putri kuwi pancen ampuh.
“Dhiajeng Ngesthi! Kowe aja kliru tampa, Jeng. Pira etungan bandha warisanmu bakal dakijoli!” Ngerti kalindhih yudane, Yogyantara nglendhih mbebujuk adhine.
“Becik klakuanmu! Yen ngono sing daktagih dhisik utangmu bab nyawane  Kanjeng Rama lan Kanjeng Ibu. Sauren sakiki pisan!” ujare Ngesthi ngerake bolongane pistul marang Yogyantara.
Ir. Suwandi ngabani klerehane ora sah nguber ngalangi playune Herlambang. Malah ngetutake wae lakune, karo nuduhi lawang dalan metu. Herlambang sakancane golek dalan metu saka ruwangan pabrik. Tembus lawang kandhange montor sing mau nggawani para wong njaban pabrik mlebu pabrik. Montor sing nggawa Ngesthireni lan Kiswanta, lan sadurunge kuwi uga mapag Herlambang, saiki wis diputer balik, siyap nggawa metu lunga sapa wae saka kono. Sopire ya ana, nunggu printahe majikane.
Herlambang marani montor, ngabani sopir suaya nulungi ngunggahake Yogyantara menyang jog ngarep jejer sopir. Weruh wong-wong sing wis dikenali, sopir ya agahan nulungi apa kokone Herlambang. Ora nggagas blas yen rombongan kuwi tekane kanthi peksan, kanthi udur utawa pancakara. Dikira kuwi pancen pakone majikane, katut jadwal tugase ing dina kuwi.
Sopir menehake kunci, manut miturut sawise olah sasmita saka Ir. Suwandi. Mengkono uga Ngesthireni munggah montor lungguh ing bak mburi. Pistul isih tetap diacungake marang sirahe Yogyantara.
Ir. Suwandi karo klerehane ngetutaka Herlambang ora duwe niyat menggak, ora nglawan. Sarujuk wae karo sapari polahe Herlambang. Orang ngalang-alangi. Bareng Herlambang wis mapan ing sopiran Ir. Suwandi gage nyedhaki, “Ngati-ati, Dhimas. Ora gampang ngliwati markas panjenengan gapura kana.
“Wis mlebu skenarione Herlambang! Cara-cara yen ana alangan ing ndalan, ana gora-godha nyleneh saka gelare rancangan, kudu ana serep liya carane nylametake lakune misi. ana jodher pistul-pistulan lan gontokan kang ora kenyana kaya ngana mau, Herlambang gage gumregah tandang gawe mbengkasi karya. Yan gene iki dadine. Kangmas Yogyantara digawa pisan lunga, arep ditemokake langsung karo Luidelmeyer, jejedhuge kolone angka lima perwira Walanda sing dadi utege konspirasi misi iki” wangsulane Ir. Suwandi ayem. Karo gedheg-gedheg eram manoni krida trengginas lan cerdhase polahe Herlambang, paraga mata-mata sing disewa Luidelmeyer.
Montor ngliwati plataran kantor administrasi. Herlambang ngenggokake mrono, terus mandheg ing ngarep kantor. Mesin mati, Herlambang mbukak lawang, metu.
Wong loro padha mlebu menyang ruwangan kantor. Ing ruwang ngarep kantoran kang bawera, ana priyayi sepuh, sajake wisp antes dipensiyun. Rambute rada luwih akeh uwane tinimbang sing ireng, jungkatane sigar tengah. Brengose kandel, uga wis ora ireng maneh. Weruh saklebatan Ngesthireni sajak wis tau ketemu wong kuwi buru-buru iki. Nanging lali, embuh neng endi. Kajaba priyayi sepuh kuwi uga ana sawantara wong sliwar-sliwer ing kamar sing luwih jero.
Ngesthireni ngrenyitake alis. Herlambang kok disebut Hartono. Yen ngono bener si Atrum! Dhek tentang-tantangan kae nyebut jenenge Hartono! Herlambang dikira sombong dupeh karo wing ayu lan nggawa bedhil anyar rampasan saka Landa, emoh ngaku jeneng Hartono! Sakiki Komisaris Biro Spionase Republik Indonesia alias daokene prahoto ing Madiun kuwi uga nyebut Hartono!
Atma, sopir montor ing saka Masaran, nulungi Herlambang ngetokake Yogyantara. Bareng Ir. Suprayoga weruh prejenge tawanan, banjur alok, “Lo! Iki rak Samdiyono! Iki kepala administrasi pabrik kene! Neng kene kondhange disebut Pak Bei.”
“La inggih menika pun Raden Mas Yogyantara, ingkang gadhah pemancar JA-8”.
Ruwangane amba bawera. Tamu-tamu wis pepak. Jendhela dibukak amba, sananjan tlatah Republik wis akeh taman ora kopen, nanging kebon Lembang ing pabrik teh Batu Jamus katone isih diopeni tenan, mula pethetan maneka warna katon ngresepake dideleng, saka ruwangan sing amba bawera kuwi. Raden Ajeng Ngesthireni, sawenehe buyut dalam Sampyean Ndalam Ingkang Sinuwun Pakubuwana X, nalika kuwi nganggo jarit bledhak latar putih, klambine blenthong-blenthong antarane warna-warna abang, biru lan kuning, katon pamore yen pancen putri Sala trahing ratu.
Ing ngendi-endi katon wong-wong nganggu klambi tentara kaya Herlambang dhek ngliwati dhemarkasi ijin kae.
Ngadhepi kutha Sala kaya ngono, dheweke miris ora giris. Ning ya netral ora arep melu bedhil-bedhilan. Sakiki diundang pista mahargya suksese misi Herlambang ing pabrik Batu Jamus, ya andher nganggo dandanan putri Sala trahe ratu, kaya dhek isih dhere biyen. Ayu gandes- luwe tenan.
Tamu-tamu ing pasamuwan akeh sing anyar katon kanggone Ngesthi. Utamane punggawa-punggawa pabrik kono. Mesthi wae. Uleman Ngesthireni pasamuwan iki sing duwe  kajat Ir. Suprayoga sing remena akeh putihe timbang irenge, sigar tengah.
Ir. Suprayoga minangka sing duwe gawe, ngadeg karo ngendika menawa sepisan luwih becik pasamuan kuwi padha ngeningake cipta marang wong-wong sing kepeksa gugur marga anane misi Herlambang, yakuwi Atrum lan Kiswanta. Kiswanta ora bisa ditulung jiwane sawise dirawat ing rumah sakit Jebres telung dina. Tatune kejeron.
Sawise kuwi Ir. Suprayoga nepungake jeneng lan gunane wong-wong sing ana ing pasamuwan kono tumrap misine Herlambang. Wiwitane mesthi wae Herlambang. Herlambang sawenehe wong Indonesia sing wis kasil berjuwang bebarengan karo tentara Amerika Serikat, ing OSS Office of Strategic Services. US-Army badan inteljen Amerika sing didhapuk nalika Perang Donya II, dheweke dadi mata-mata kang peng-pengan. Wodene keistimewaan Herlambang, bisa motret mawa mripate. Posisi-posisi beteng ing Saipan, Kepuloan Mariane, Iwo Jima, Tarakan nganti Luzon bisa dipotret mawa diawasi sawatara menit. Mula sadurunge nganake pendharatan gedhen, Herlambang mesthi dikon nylunup dhisik menyang tlatahe mungsuh, yakuwi beteng-beteng pertahanane Jepang. Disawang, dipoteret kahanane, gambar portetan Herlambang disinau para pengageng US-Army, dienggo siyasat nyerbu.
Ir. Suprayoga njupuk sawenehe surat kabar tuwa saka mape, dituduhake marang para rawuh. “Ing surat kabar The Malayan Strait Times sing terbit ing Singapura iki ana kabr sethithik bab Herlambang. herlambang wis ora nyembutgawe maneh mbiyantu US Army Negara Perang Pasifik wis rampung lan arep urip mardika war sakarepe dhewe. Embuh nyambutgawe apa ora disebutake lan papane ana ngendi ya orang kasumurupan. Kabar iki nuwuhake ilham. Aku golek uwong sing bisa ngijoli Herlambang, dak dadeake lakon ing misi Herlambang. Yakuwi Hartono iki”.
Wong lanang bregas, dedege pideksa sing lungguh cedhak Ngesthireni, ngadeg. Wong – wong padha keplok, Ngesthireni paling semangat.
“Hartono iki tau berjuwang neng front tlatah Purwodadi – Grobogan, terus mundur menyang Gemolong Kuwu. Daklatih sajrone telung sasi aneg Sala, kanggo dhapukan dadi Herlambang. Sing perlu mung ngerti bab lelakone Herlambang lan dhapukane dheweke ing sajrone misi iki. Dak slundupake menyang Mojokerto, dikancani anggota Biro asal Mojoagung, pasukane Bahrowi, sing ngerti tenan kahanane Kutha Mojokerto sing dbroki militer Walanda. Lan Ambarwati. Ambarwati kae dak slundupake nyambutgawe neng Restoran Tong Sien,” Ujare Ir. Suprayoga karo nudingi wong lanang brewok kaya wong Arab lan wong wadon sisihe sopir prahoto Kertosono – Nganjuk.
Para tamu padha keplok mangyubagya suksese laku sasmitan kuwi.
Sabanjure Ir. Suprayoga uga nyritakake yen mesthine Hartono kadidene Herlambang iki dibantu uga mawa angkutan-angkutan istimewa. Kayata ing Jombang disedhiyani prahoto, naming ora digunakake dening Hartono. Ana wong lanang loro sing ngadeg dituding dening Ir. Suprayoga kadidene wong sing sakjane tulung Hartono nyepaki angkutan ing Jombang. Ning ora digawe. Hartono malah nyolong montore  jawatan Listrik lan Gas. Ing Kertosono uga dicepaki prahoto karo sopire, Pak Amat sing rambute putih memplak lan subandini kadidene penumpang sirsirane sopir.
Wong-wong sing disebut jenenge padha ngadeg dikeploki dening para rawuh.
Ngesthi saiki gambling kena apa Hartono nalika neng Nganjuk gelem ngijolake tommygune karo pakaryan dadi sopir! Lan Ngethi disulihake dadi wong wedok sing saiki lungguh ing kiwani sopir prahoto. Ngesthi dipatah kudu dadi wong sing duwe warung ayu ing Sleko, ngancani sipor prahoto
SUMBER:
http://jv.wikipedia.org/wiki/Dom_Sumurup_ing_Banyu
http//syukronituaku.blogspot.com

0 comments:

Post a Comment