Facebook Twitter RSS Feed
Powered by Blogger.

ARTIKEL TENTANG TINGKEPAN (BUDAYA MASYARAKAT JAWA)




Upakara tingkepan wonten ing masyarakat jawa tengah ugi ngayogyakarta dumugi sakniki taksih wonten asring dipun tindaaken, upakara tingkepan munika minangka upakara slametan pitung sasi kagem calon ibu ingkang bobot kaping pisanan, upakara tingkepan diwontenaken mesthinipun kanthi  gampil, slamet lan mboten wonten alangan satunggal punapa,  kajawi niku mugi-mugi  mbenjange saget dados puta ingkang bhekti kalayan wong tuane. Ing mriki ugi dupun andharaken tata upakara tingkepan kalebet nyamping ingkang diagem kangge calon ibu.
Upakara tingkepan kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu kalayan calon bapak langkung rumiyen sungkeman wonten ngarsanipun rama ugi ibunipun. Sungkeman niki nggadahi  teges mugi-mugi ingkang tinembe jabang bayine ingkang di lahiraken supados saget bocah ingkangm bekti kalayan marang tiang tuwane. Sabanjure upakara siraman, wonteng ing upakara siraman, calon ibu disiram dening tiang pitu, kanyata : bapak tuwin ibu seking calon calon ibu, bapak tuwin ibu saking calon bapak , simbah utawi sanank sadulur ingkang saget dipun tuladha sae. Sasampunipun siraman lajeng sesuci (Wudlu). Banyu ingkang wonten kendhi kangge sesuci wau sasampunipun sesuci lajeng toya ing kendhi nipun banjur dipun pecah dening ibu saking calon ibu tanthi ngendika: “mboten mecah kendhi, naging mecah pamore jabang bayi”.
 Ing upakara tingkepan, calon ibu gantos nyamping kaping pitu, ingkang urut-urutanipun : nyamping sadaluhur, sidamukti,truntum, wahyu tumurun, udan riris, parang kasuma, ugi nyamping semen romo. Salajengipun gantos nyamping wonten adicara nigas janur kuning.  Calon bapak nigas janur kuning ingkang dubetaken wonten bangkean calon ibu.  Sasampunipun nigas janur kuning, calon bapak mlajeng mlampah banter , niki nggadahi teges mugi-mugi jabang bayi saget lahir kanthi  gangsar ugi gelis. Salajengipun upakara brojolan. Brojolan ing mriki wonten werni kaleh ingginh punika brojolan tingan ( kanthi pangajab mugi-mugi bayi saget kalairaken kanthi gansar mboten wonten sukerta ingkang ngalang-ngalangi). Brojolan kaping kalihipun inggih punika brojolan cengir ingkang  di pundi seking kamajaya ugi kamaratih utawi arjuna kalayan subadra ingkang minangka pralambang lairipun jabang bayi. Niku wau urut-urutanipun wontening upakara tingkepan. Ananging, awit dusun mawi upakara negari mawi tata, awit saking punika mboten mokal menawi saben daerah benten tata upakaranipun, sedanten niku waunnamung dadosaken simbol kangge nggayuh kabecikan.

0 comments:

Post a Comment