Facebook Twitter RSS Feed
Powered by Blogger.

PAMIT



PAMIT
            Ananing tresna iklas tanpa bisa sesandingan saumuring urip lan panerusing manah ati menawa urip kudu mlaku ing sajeroning rodaNe, ananing urip kui ana telung werna kang kudhu bisa dilampahi yaiku masalah, goda, lan wektu. manungso sing bisa nata uripe kanthi apik ing sajeroning nglampahi lelampahan ing rodaNe. manungso Sing bakal seneng lan bungah uripe.
            Reza sing lagi wae lulus sekolah sma ana ing sala lan nerusake sekolah ing universitas bantara sukaharja, reza ing kono jipuk jurusan bahasa jawa mergo wektu sing ora nuntut reza masuk esuk reza jipuk kuliah sore utawa ekstensi ing kono pertama masuk kuliah ing sajeroning kelas reza ketemu kanca-kanca anyar sing anget anggone nanggapi,  ramah tamah lan kenalan anyar bisa ngapus rasa sing mbiyen reza sing uripe dewekan lan ora akeh kanca masaning sma. Ing kono reza katon menengan dewe lan ora kaeh omongan mergo wus kesel anggone bubar kerjo langsung kuliah. Ing sajeroning kenalan kanca-kanca kang katon nyenegake ana sing gawe ngguyu mergo basa jawane kecampur-campur basa indonesia. Suasana katon gumringah lan nyenegake sawise kenalan kuliah pisanan diwiwiti setengahe kuliah ana wong wadon kang telat masuk kuliahe katon kesusu banget kringet gemrobyos ngetok pintu mergo kuliah pisanan ura ana peringatan menawa gur sindiran saka dosene, kanthi kesusu gelek lingguhan kebenaran lingguhe ana sapinggire reza pas ura ana kenalan padha menenge lan katon sajak ora podho kenalan wong loro mau. Mergo akehe mahasiswa sing kuliah nganti kekurangan kursi lan katon panas banget suasanane lagi nulis materi kuliah tanpa disadari wong wadon sing rada ribet nyenggol rezasing lagi nulis materi nyoret setengah bukune. Reza nyentak “Iso alon-alon ra...?!” wong wadon mau kerasa salah jawab “sepurane mas..” reza mbales “ah..usil wae koe ki. Goleki op...!?”, “ iki mau bolpoint ku ketinggalan”.. tanpo suara meneh reza njawab ngulungake bulpoint. Kuliah wes katon rampung banjur padha mulih mergo desene sing jam keloro ora ana wong wadon mau nyapa kareppe ngajak kenalan lan menehake bolpoint mau “ nyo..mas suwun ya..eh jenengmu sapa..?/..aku resti..? karo ngulungake bolpoint lan ngetungke tangan, reza katon meneng mung jawa “ aku reza... ra asik kuliahe...!!” klepat banjur nggenjot montore lan muleh tanpo mbales salaman karo resti mau. Ing batine resti “ owh..setres wonge ki..” sawise kui kuliah katon jadwale  seminggu ping telu lan reza uga resti katon ora podho akrape di banding kanca-kanca liyane. Enem sasi kuliah wis di tempuh mid semester uga wes di tempuh kuliah sing nyenengake mau tan krasa wis nyedaki semesteran, padha sibuk karo gaweane tugas dewe-dewe sing sebagian dosen ora ngekei ulangan semesteran di ganthi tugas omah dewe-dewe lan uga tugas kelompok, udan riwis-riwis ora ngalangi sing pada kuliah mau lan nglewati semesteran libur telung minggu uga wis rampung awal kuliah semester loro di lekasi pada salam jabat tangan mergo suwe ura pethuk karo kanca-kanca resti lan kancane katong seneng cerita liburan kang di isi dolan-dolan lan santai ana ing omah sakliyane kerja, kuliah wiwitan semester loro wus entuk rong minggu ing jeroning kuliah resti katon tingak-tinguk nolah-noleh sajak ana sing ora lengkap kanca-kancane mandang di inget-inget, lan pitakone sajeroning batin “ lhoh reza.. kug rak kuliah tanpo kabar..” resti takon kancane reza sing biasane gojekan bareng lan sak daerah “ dra...konmu kok ora kethok kuliah ki.. metu ta wonge..” andra koncone reza mau jawab “..ora ki.. ora metu wong bar yo tak sms..wingi embuh wonge ki..sok kadang ngilang ngono kui..tak sms neh wes ora mbalesi nganti saiki..”... “ow.. tak kira metu..runtang-runtung wong loro...soulmate mu ilang no..??” resti ngomong karo gojekan “.. halah ora res..hahaha..”  kuliah wis bubar banjur resti bali menyang omahe sing ora adoh saka kampus univet kono” ing kamar resti ngolak-alik buku. Goleki no telephon pas kenalan mbiyen “..nah iki ketemu nomere.. coba tak hubungane..hmmm..ning wegahmen..mengko gek angkuh wonge...hmmm yoes lah tak cobane” resti sawise entuk nomere langsung ngubungi reza suara handphone katon “thuut..thut...” resti sajak grogi arep ngomong op “thut...halo...asalamu'ngalaikum..” ... “ hallo ini reza ya ..” resti njawab nganggo bahasa indonesia “ iyo sopo yo..” wong lanang sing katon lemes jawappe.. “iki reza yo..aku resti” wong lanang mau banjur jawab “ ho'ow.. resti sopo kui..” jawape reza sajake lali karo konca sak kelasse, batine resti “asem kie..” ...  “ anu.. mas.. konca sak kelasmu..napa kok sue ora masuk kuliah..” reza jawab “ ow...resti ta...iki aku urong mulih saka RSU..” ing telphone mau resti kaget mergo reza bar kecelakaan lan wong loro mau telpunan nekokke kabar, lan ngomong-ngomong tugas kuliah sing wis ketinggalan, saya ngakrap hubungane antarane wong loro mau nganti gojekan biasa sawise telpune di tutup mergo wis mbengi lan ngantuk resti ngomong “ ow jebul yo ora jan angkuh..” sawise telpunan mau dino-dino di lewati kanthi biasa sms lan nakokke kabar antarane resti lan reza mau. Nganti sawijining dino reza wes katon sehat lan masuk kuliah. Reza lan resti wis podho ngakrape lan ora katon mungsuhan lan sajak ora kenal maneh, wektune kuliah rampung muleh risik reza kanca sakkelasse wis podho mulih nanging reza lan resti iseh katon jagongan ing sak ngareppe kelas nambah akrape takon lan cerita daerahe, lan ugo pengalaman-pengalamanne kerjo sing wis kepungkur. Kuliah dino-dino liyane wis dilewati katon nyenegake lan reza isih wae katon canggung lan ndeweni sak enenge perkoro tugas kuliah mangan uga ndeweni lan ora tau ajak-ajak kancane sajak iso urip dewe tanpo kanca. Ing kantin kampus  reza lan resti ketemu  saut resti pas ngepasi mangane reza “ rez... koe gur dewekan wae individu banget samar nak kon jajakke piye nak mangan ra tau ajak-ajak..” resti katon mangkel, “ ora biasa wae..” reza jawab sajak santai .. “ ow alah.. wong kog kyog ngono..” bubare mangan lan ngobrol-ngobrol mau reza, reza sithek rodho berubah mergo di kandani resti menawa urip dewekan ki ora pantes nak wong arep bermasyarakat.
            Wulan wes  katon ganti soko panas nganti wayah udan teko rasa ing  sajeroning manahhe reza, sajak seneng mergo urung tau ketemu wong wadon koyo resti sing nggateake solah tingkahe lan akeh ngritik saka kebiasaane. Ngarah nunutun urip sing bisa berbagi, sithik individualismene. Ing wulan desember wulan sing arep-arep resti mergo dewekke kurang telung dino ulang tahun ura ana kanca sakkelas sing ngerti kajobo reza mergo wes cerak karo resti mau. Mergo resti wonge ora thek nggagasan bab sing koyo mengkono mau karo konco liyane lan uga karo reza. Mergo resti sing katon dewasa lan mikir adoh sakdurunge nglakoni urip, reza katon seneng sajak tresna karo resti, ngepasi ulang tahune resti reza ngekei kado reza lan ing sak jeroning kado mau isine rasa sing jujur di tulis ana ing salembaring kertas isine reza bener-bener lan percoyo opo sing dirasakke reza mau wujut tresno sing ora ngerti asale saka ngendi sapungkure cerak lan butuh mergo resti lan mung resti sing bisa ngandani becik alane, ngritik lan sithek ngandani opo sing dadi polah tingkahe reza. Iras karo di selipke gelang alit ing sajeroning kado mau.
            Kaget resti nompo hadiah pisanan sing lagi wae kenal wis ngadiahi barang sing dinaggep penting ing sajeroning hubungan katresnan. Resti banjur telpon lan nakokke nenani apa ora kleru hadiah sing di wenehake resti mau kanti bating campur bawur resti bungah lan ora nyangka ana wong menengan sing katon ora nggatekake jebul nduweni maksud sing radha tenanan aggone njalani katresnan, resti sing bungah mergo kado mau ora gelem ngwenehi jawaban karo reza menawa deweke gelem lan orane di jak sesandingan katresnan sadurunge nikahan, sawise kui resti katon kaku lan atos manahe wis ora tau guyonan manising lambe sing biyene katon bungah, mosam-mesem ngguya-ngguyu saiki koyo sidem lan katon akeh pikiran. Reza sig nggatekke solah tingkahe resti mau banjur nakoni ing salah sijine restoran sawise bubar kuliah, reza takon op sing ndadekake resti ora katon koyo biasane lan nerka-nerka apa mergo hadiah sing wenehake minggu-minggu wingi ora nuju pranani marang dewekke. Resti sing isih katon nduweni beban mau njelasake menawa saiki dewekke urung bisa menehi jawaban marang reza merga dewekke dewe urung bisa ngrampungi masalahe kono dewe resti nyritaake menawa deweke nduweni masalah sing luwih ngentekke setengah uripe sedina mung kanggo mikirakke masalahe mau, resti jebulle nduweni pasangan katresnan sing wis suwe di lakoni wong loro runtang-runtung wong loro wis dilakoni masaning angel urip wis di lakoni antarane resti lan pasangane kui mung sing dadi masalahe resti dewekke wis suwe banget ora gathuk marang pasangane mau mergo kasare tindak polahe sing lanang opo iyo imam sing nuntun resti mau kasar lan galak marang resti ing ngareppe bapa lan ibune resti, naging resti ora bisa opo-opo mergo budine sing lanang mau wes katon adoh lan hubungane antara keluargane resti marang wong lanang mau wis katon rumaket sajak koyo lawang lan dempelan sing wis nyatu nutup apa arahe angin lan rereget. Resti uga bingung mergo ora bisa diapusi ugo tresna karo reza mau naging opo meneh sing arep di lakoni resti ngungak apa sing wis dilakoni antarane resti lan wong lanang mau wes bajut adoh lan angel anggone pisah. Apa sing di gayuh kelakone penghasilane kerjo uga saka nggone pasangane mau, resti bener-bener ora isa metu saka masalah iki mau.
             Reza meneng bingung sajak salah nyalahake dewekke dewe napa rasa kui kesusu di omongke marang resti lan nopo ora golek sisik melik disik sak durunge ngomongake opo sing di rasakke reza mau nanging resti uga ngakoni opo sing dadi rasane resti lan ora bisa nutupi opo sing dirasakke menawa deweke resti uga seneng karo reza luwih saka reza. Sak pungkungkure ngobrol ikimau reza lan resti padha kakune lan katon ora guyonan wong loro mau koyodene ono sekat antarane wong loro mau, resti usahane ura leren anggone ndonga lan njelasake marang wong tuane lan pasangane mau menawa resti wis suwe ora nduweni rasa tresna maneh naging pasangane mau katon ora peduli lan iso ora iso kudu ora kudu resti arep nikahi mbesuke, resti bingung tanpo arah lan semono uga reza kang katon murung saben-saben takon marang deweke dewe lan ndonga napa lampahane tresna sing di arep-arep lan sing di idamake sing mbiyene ora tau ketemu wong sing becike koyo resti kudu mlaku pincang ora jejeg. Ing esuk umun-umun wulan februari langit katon biru semleret mendung lan uga sengenge sing lagi katon ngindik, embun katon nelesi gegodhongan seger suasanane pegunugan mergo omahe reza daerah pegunugan kang hawane adem, reza iseh turu mergo kesel bubar kerjo lan kuliah ndekwingi tiba-tiiba ing sak pinggire nggone le turu krungu suara “....sssss...duarrrr...” reza kaget banjur noleh bingung lan bingah “selamat ullang tahun..” resti ngagetke reza, reza tanpo ngomong isen bablas nyang kamar mandi raup uga adus, sawise kui reza banjur takon marang resti “..res... koe kok ngerti omahku..” resti jawab sinambi mosam-mesem “..aku kok rez... aja sepelekke aku ya..” resti ngajak guyonan “ aku jan ra ngiro..koe teko kene res..” resti katon bungah jawab “..hehehe.. aku pancen nggawe surprize karo koe...selamat yo..” reza iseh katon bingung lan setengah seneng mergo wong sing di tresnani teko ra songko-songko.. sapungkure ngrayake ulang tahun mau resti jawab apa sing dadi rasane ati resti menawa uga tresna karo reza lan nanting opo isih gelem mlaku bebarengan nglakoni tresna senajan delikan saka runtikane masalah kang ngrubungi wong loro mau, kanthi manah lilo reza jawab gelem rakitungo nglakoni katresnan kanthi setengah ati sing bakal di lakoni. Sawise resti lan reza mlaku bareng ing saduwuring tresna wong loro mau koyo-koyo wong loro mau nyiapke perlu sadurunge bebojoan tanpo ra nyadari enenging gunung masalah gedhe kang bakal di temoni pemburine, taun ganti taun wulan ganti wulan dino-dino di lewati kanthi bungah lan sithik masalah emosi sing biso di rampungi kanthi sempurno, kuliah wes rampung lan wong loro mau wes nyandang sarjana pendidikan mental ugo pamikirane wong loro mau tambah mateng tambah mateng ugo tresnane wong loro ngati ing sawijining dino tanpo di ngerteni resti lan reza pasangane resti mau nglamar lan tanpo taren resti, bapa uga ibune mau nompo opo sing dadi niat kekeluargan pasangane resti mau, nganti ana ing sajeroning resti muleh kerjo wes telung dino saka lamaran mau resti lagi di kei ngerti, emosi, kalut, lan sedih sing diraksakke resti, ana ing sacedaking wisatat omahe reza mau wong loro podho ketemu lan ing kono resti ngomongake opo sing di alami lan ngomongake opo sing wes kedadean karo keluargane lan dewekke, reza mung meneng tanpo wicoro kaku raiso ngekei dalan keluar lan mung meneng, resti ngerti koyo mengkono mau langsung nesu-nesu lan langsung wae lungo karo ngomongake ... “...ati lan batinku tresnoku kanggo koe...nangin yen koe mung meneng ngono kui berarti koe yoes lilo aku urip kanti paksaan...lan awakku gelem sinau yen koe wes lilo senajan batin lan atiku koyo ngono mau...” ngomonge resti karo nahan seseg nangis   nanging reza iseh meneng batine reza ora iso ngopo-ngopo mergo kui wes dadi pilihane wong tuane mau senajan tresnane kudu rampung kanthi loro ing batin nanging reza nduweni roso lan ngrumangsani Alloh ndadeke awake dewe nangis, lan beruntunge wong sing iso kobong mergo keputusane Alloh mergo sak bibare tangisan lan loro iki mau mesti ono jawaban sing bakal  nggawe bungahing manah.                         

0 comments:

Post a Comment