Facebook Twitter RSS Feed
Powered by Blogger.

Lampahing Katresnanku



 lampahing katresnanku
Lampahing katresnanku
  Iki ceritaku limang taun kepungkur, isih jelas engetanku sawise lulus sekolah aku nglanjutke kuliah neng universitas Univet sukoharjo, mangkat saka niat sing duwur lan restu bapa lan ibu aku mangkat menyang sukoharjo, neng kana aku ngawali urip mandiri, urip ana ing kos duwekke bu nisa ana ing sekitaran proliman sukaharja sing biasa di tekani cah enom saben mbengine. Suasana sing ayem, becik lan adem aku entuk ing kana panggonan golek ilmuku, gelar dadi sarjana pendidikan sing pengen tak sandang.
   Dadi wong anyaran neng kana, aku masuk uwang sing gampang gaul. Kanca-kancaku sing asale saka kota sing beda. Sawise kuliah aku entekke wektuku neng kos. Uwis telung sasi aku nglakoni kebiasaanku iki, krasa aku kangen banget karo ngomah..aku kangen gojekan karo ibu bapaku, karana kangen iki, aku asring nangis dewekan . Lan ngelingi perjuangane wong tuaku, ngiklaske aku ninggalke omahku, lan dewekan bapa ibuku neng omah tanpa putra mergo aku anak tunggal.
Ibu......
wanita sing nglahirke aku
ngrawat aku
nggedhekke aku
ndidik aku
nganti aku dewasa..
ibu...
panjenegan wanita sing tak siaga rikala aku kena goda
rikala sikilku urung kuat kanggo ngadeg
rikala wetengku krasa pengen mangan lan ngelak
rikala aku tangi siang ratri
ibu...
panjenegan wanita sing akeh nggatekke
aku sing lagi lara
aku sing lagi tiba
aku sing lagi nangis
aku sing lagi dewekan
ibu.....
tak sawang pasuryanmu ing wayah turuku
enenging surya sing akeh keridhoan
enenging surya sing akeh kesabaran
enenging surya sing akeh tresna
enenging surya sing kesel merga aku
aku sing nggawe repotmu
aku sing ngentekke pengertenmu
aku sing ngenkke banyu susumu
aku sing nyusahke panjengan nganti nggawe nangise panjenengan
ibu...
panjenengan nangis merga aku
penjenengan sedih merga aku
penjengan susah merga aku
penjenengan korban kabehe mung kanggo aku
ibu...
donga sing mung aku iso kanggo panjenengan
merga jasamu
sing ra iso aku bales
mung tangisanku sing dadi seksi
atasing rasa tresnaku kanggo panjenengan
ugo bapa...

aku rampungi kangenku sak untara, rasa iki mesthi ura mung aku sing ngrasakke.
Tak lakoni kebiasaanku neng kampus, karo akehing kegiatan karo ica kanca sakkelasku. Dewekke wong sing putih manis, nglencir. Dewekke kanca ceritaku ing rikala semana, sawise kuliah ica ngajak aku menyang stoclist cabang solo. Jebule ica kuliah uga nyambut gawe dadi MLM K-LINK,  membere ica wes kegolong akeh di banding kanca seangkatane, aku nyoba sinau kerjo kui, cukup kanggo tambah sangu jajanku.
   Karana gawean kui, aku lara merga akehing kegiatan lan giatte aku pengen entuk prestasi. Kuliah lan sehatku dadi ura keurus, lan aku ora sangka  ica udu kanca sing apik, ica asring metu mbengi lan diarani anak brandal. Sawise aku ngerti aku leren dadi membere lan ngutamakke kuliahku maneh.
  Sawise kuliah kedua aku lungguh ana ing taman sak mburine kampus, aku seneng suasane neng kana, cerakke karo alam. Neng kono aku ngarasakke sekitarku muser-muser banjur wetengku krasa lara meh ngadeg wae wes ora kuat............
aku ngambu mint neng irungku lan krasa anget..
sawise aku bukak mripat, neng pinggirku ana wong lanang bagos pasuryane .
Kaget aku, nalikane weruh dewekke nggoceki tangan ku..
sirahku iseh berat rasane..
tak enget-engeti sakililingku, aku enget-enget neng ngendi aku napa aku isa ana kene, papan panggonan sing urung tak ngerteni sadurunge, bedcover sing gedhe lan ana tvne nek ngarepku. Langsung aku lingguhan lan wong lanang mau gur guya-guyu. Lan dewekke ngomong “ sepuramu ora maksud aku ora sopan, aku mau nemeti koe semaput neng taman samping kampus..”
kenalke aku ega aku semester 5 eneng fakultas PBSD.
Banjur, mulcul eneng mburi wong wadon, sekitar 40an taun ee.... wis mari ya, sepurane ya nduk, budhe nggowo kowe rene, mau aku methuk ega enek kampus lan nemeti koe glimpangan neng taman samping kampus mau.
  Sabanjure aku ro ega gumatuk gowo koe nyang omah kene, iki budhe gawakne susu karo roti, kowe mangan disik ya, mengko lagi koe cerita, napa kok koe iso semaput mau...
  aku iseh lemes, dungklak-dangkluk wae aku..dasare aku yo pengen mangan.
Gen ega sing ngancani koe, sabanjure wong wadon mau metu saka kamar. Wes ndang panganen wae, ngomonge wong lanang mau. Banjur aku ngicipi roti tawar sing isi keju mau,
jenengmu sapa, fakultas apa, kena apa koe mau semaput ana ing taman, pitakone ?
Aku banjur meneng sauntara banjur ngenget-enget kedadian mau, yae mergo aku kesusu mangkat kuliah lan urung sarapan uga kuliahe mau akeh kegiatan sing dadi ngentekke tenagaku, omonganku karo ngentekne roti sing ana ing tangan. Banjur wong lanang mau mesem ...dadine kowe mau pengen mangan..... hehehe ngguyune. Aku banjur mbesengut lan rasa isin sing meloni....haduhh... neng jeroning batinku.
    Wes ora apa-apa, jenengmu sapa?
Jenengku susi, aku ana PBSD, ya isih semester loro...
aku ro ega nglanjutke omongan, sawise aku rampung mangan aku krasa sehat.... jebule aku bener-bener ngeleh aku sewengi urung mangan langsung wae mangan. Batinku
suwun ya, aku wes sehat, aku meh mulih saiki..... penjalukku sinambi mlaku metu saka omah, lan aku ngucapke maturnuwun marang wong wadon sing nyuguhke panganan iki mau.  
Iki ibuku, ngomonge ega, banjur aku ngambung tangane lan ngucapke matursuwun ,,,
aku pamitan... lan ega ngeterke aku nganti tekan ngarep kosan ku, perkenalane aku trus banjur lanjut ngakrap nganti tekan kampus uga karo dewekke ngakrap banget. Ora gur karo ega karo keluargane ega pun aku yo ngakrab...
aku kelingan pas wengi kui aku dijak neng goa maria daerah kerep bawean...
neng kana dewekke ndonga, arepo kene wong loro bedha agama naging aku lan dewekke padha ngormati ega sing apikan marang aku, apa meneh ibuke sing asring dolan bareng-bareng ngancani belanja ibuke.
    Wengi kui udan ura wes-wes ana ing goa maria, aku karo dewekke padha ngeyup neng kana aku lungguh neng pinggiring patung bunda maria, aku ngerteni ega sing lagi ndonga, aku ngguyu ngingeti ega.... jebule aku konagan lagi nyawang dewekke banjur takon napa kowe mosam-mesem, kowe lucu aku jawabbe. Aku banjur mbales mesemme kono, di gegem tanganku, di gegem lan lungguh ana ing sampingku “apa kowe kadung tresna karo aku” pitakone sinambi ngelus-elus sirahku aku banjur dangkluk lan meneng, sauntara.....
hehehe.... kowe yo lucu... napa kowe ra melu ndonga aku mau...? takone
ora nggonku udu neng kene.. jawabku.
   Dewekke nggela napas sedelo ...lan nemeti ngarep... sauntara aku ro ega meneng, udan sing deres sing ngancani,, “adem ya?? pitakone. Ora??? jawabku,, kowe saya pucet, dirangkul bauku nyang dewekke lan deweke ngomong “ Tuhan yesus aja pisahke aku wong loro... tuhan kabeh podho kenek apa aku karo susi bedha”
aku mung meneng, ngrungoake omongane ega, tak sawang netrane sing endah. Rangkulane ega sansaya ora gelem di culke, diseret aku ngadeg, tak tutake mlakune, digowo menyang mobile ega banjur ngedoh saka panggonane ega sembahyang.... neng dalan aku ro ega mung meneng, kaya-kaya dalan dadi peteng merga saka deresse udane, sak tekane ngarep kosku, ega ngucapke sugeng ndalu kanggo aku “ wes mbengi tur adem, dang turu ya sesug tak pethut padha jam biasane” pesenne. Aku dangkluk,
  dina-dinaku dikancani ega, dewekke sing menengan... hmm dewekke wong sing radha romantis.. ibuke ega awan kui ngubungi aku ngajak aku menyang semarang ngancani aku ketemu karo kerabate, merga aku ora ana jam kuliah aku banjur gelem, aku karo ibuke banjur mangkat tanpo ega... karo ibuke ega, sauntara kangenku karo ibu sing eneng ngomah radha sidem, ibuke ega sing apikan karo aku, ngenalke kerabate lan klanca-kancane, ibu... wonten napa kok ega menengan nggeh?? pitakonku “ dewekke pancen isinan kok nduk” di eloni pitakonku sing liyane kanggo mecah suasana “ sing akur ya karo ega” pesene ibuke kanggo aku. Banjur aku mung mesem.
Rong wulan aku wis ngerti ega lan keluargane..
kurang rong dina engkas dina besare wong nasrani, aku atkon marang ega
“ega, pas dina natal sesuk kowe pengen kado apa?”.. “ aku pengen nduweni kowe sus..” jawabbe ega', aku dadi kaget, ora tak pungkiri aku pancen nduweni rasa sayang karo ega, nanging aku bingun nalika deweke pitakon kaya mengkono mau,...
“ hmm kowe lucu sus,..” deweke mesem sinambi nolehke raine, “hmm kowe gojekan ya karo aku,,”  pitakonku .. “ aku ora gojekan” dewekke teges... “aku pengen kowe dadi sarjana sus, sing semangat ya kuliahe” .. “iya..” langsung jawabku.
“Sesuk esuk, kowe tak pethuk ya jam pitu mbengi.. aku pengen ngajak kowe dolan menyang alam, neng kopeng.. kebeneran eneng kono ibuku nduwe konco sing nduwe penginapan.. aku nyepakke hmm kejutan kanggo kowe..” “ kowe senenge gawekke aku mikir ” gojekku. “ yow gen tha... penting aku ora mati penasaran.... hahahaha” aku karo ega banjur ngguyu.. “ banjur aku di winehi gau putih  “ enggonen ya sesug mbengi” hmm ameh aku dirangkul nyang ega, akire dadi ora sedo mergo suara Hpne ega muni.. “ aku dikon mulih ibu.. sedulurku eneng sing teko seko jakarta”.. “iya..” jawabku, banjur dewekke mulih saka kos ku.
 Atiku krasa seneng campur ragu... seneng mergo aku yo tresna marang dewekke.. naging aku rangerti apa dewekke tresna karo aku apa mung nganggep aku dadi tunggal wadone.
   Esuk dinane, eneng ing kampus aku dadi ngumbar tresna karo ega, di gegem tanganku marang deweke eneng ngarepe kanca-kancane. Kamongko ega wonge sing di senengi bocah wadon sak kampus, naging ega ora ngagas karo kanca-kancane... sethithik rasa bungah neng atiku
kaya biasane sawise kuliah, aku metu saka kelas lan langsung menyang taman samping kampus ngenteni ega, wis meh setengah jam aku ngentenine, aku krasa wis wegah neng kana...pengen rasane aku lunga... tak tokke HP ku “ ega aku wis wegah nunggu kowe, aku mulih we ya,”..  “iya, m uliha mlakua kono..” tak woco smse meneh..aku dadi kaget saka balesane ega..sauntara rasa lara neng dadaku, sing seseg tak rasakke....
banjur saka mburi teka-teka dirangkul ega... tak sawang kui ega..dewekke ngguyu ngakak... “sepuramu sayang (pisanane dewekke nyeluk aku sayang)
aku wes ana mburimu suwe, sinambi ngusapi luh ku.......
aku mung guyonan.....”
aku isin lan anyel karo ega....
“kowe ki to jan elek tenan!!! tega ya karo aku”..
“aku ora pengen kowe nangis meneh, kedadean apa wae kowe aja nganti neteske luh neng pipimu..”
di elus-elus sirahku sing tak sendenke ana ing dadane, krasa anget lan nyaman sing tak rasakke..
sore kui ega ngajak aku neng omahe,.... akeh kerabate ega sing padha teka, kanggo ngrayakke natal sesug esuk, kabeh padha nakoni aku, sethithik saka wong-wong mau eneng sing wes tak kenal merga asringe ibune ega ngenalke aku karo kerabate, neng kana aku kaya keluarga...sing dianggep anak lan kanca.
Kerabat lan keluargane ega banjur foto bareng...aku lan ega seneng lan nyilem ing suasana keluarga.
Ega banjur ngeterke aku mulih. Saktekane ngarep lawang kos ega ngomong “ cayang aja nganti lali mengko bengi dandan sing ayu ya... tak pethuk jam 7”... “ siap bro....” jawabku ngiras mesem.
Aku banjur siap-siap nganggo gaun putih mau... kebeneran dina kui aku ulang tahun, krasa jangkep senengku dina kui uga.
“ pangeran arep teka cayang, wenehano eseman sing manis ya”.. tak waca sms saka dewekke
“iya, cepet aku siap” jawabku
jam wis 19.30 WIB, ega urung teka-teka, ... kejutan apa meneh sing arep di wenehake ega, rasa ku wes degdegan....
jam setengah wolu ega urung teka uga, rasa kawatir lan ora sabar ing pikiranku... “ega rada cepet bedakku luntur mengko”.. smsku.
Ega banjur nelphone aku “ sepuramu susi sayang ban mobilku kempes, ketoke aku telat mengko, sabar ya,,,cayang radha wengi mengko radha romantis.” rayuane.
“cepet, aku wes pegel ngenteni tekamu,,,” aku dadi muni-muni
“iya....iya..iya...” tanpo ngrungoake alesane lansubng tak tutup telpune....
bolak-balek ega nelpone aku, nanging ora tk angkat....aku wes kadung kesel nunggu deweke suwe. Pas jam wolu mbengi ibuke ega nelpon aku, tak angkat telpune “ wonten napa bu..?? krungu suara tangisan... cepet neng ngarep kantor polisi ya sus, ,,, eneng apa bu?... ega kecelakaan”
kaya dene mandeg sauntara jantungku... astofirullah halngadzim... aku kesusu mlayu, mlayu tanpa ngatekne apa-apa. Karo tangisan sing ora percaya lan wedi kelangan ega... tak entukke mobil mabulan aku nrobos grumunane wong mau..
ya Alahh.. ra kuasa aku nahan, ra kuasa aku nyawang ega ngletak ana kana... lan getih-getih padha ngalir deres....
aku ora wani aku nggoceki ega, aku rapercaya...ega tangio.. batinku...ibuke iga ngrangkul aku...
“ega...tangio...
ega...tangio..
ega............”
tak kancani ega ana ing mobil ambulan, tak wanekke ngrangkul ega....
ega...tangio..
tak gegem tangane....
satekane pameriksan, doktere ngomong “ ega wis karo tuhan.”
aku ra kuasa ngruoake, omongane dokter mau....
“aja lunga ega....aja ninggalke aku... kancani aku............”
luh ing pipiku wes ora kuat ngowahi apa sing dadi pethiNe.. ega wis lunga saka aku..dina natal... sing tak arep-arep kerabate dadi silem...meneng,,sepi...
pastur ndongakke ega...
aku kudu iklas...ngeculke ega..
ega pernah ngomong “ sak lara-larane koe aja nganti neteske luh ana ing pipimu..”
sawurunge aku, aku ora pernah wurung luwih saka iki, luwih apik aku ngenteni dewekke nganti dewekke teka, ra kitunga dewekke meneng lan lunga ninggalke aku.”
“luwih apek ega nggawe aku nesu timbane aku kudu nangisi deweke, karana ega sing gur meneng salawase....”
“gaun putih sing saka ega isih tak enggo neng dina panguburane ega....”
ega tak sawang ngganteng nganggo jas ireng putihe..
naging kena apa kowe ana peti ega....ngeyelku
tak sawurke lemah neng gunduan lemah sing mendem ega...
ngucapke pamitan, lan kudu iklas...sawuran lemah sing akhir kui tak paksake mesem....
aku isih memeng lungguhan ana ing kamar kos... ngeleng-ngeleng mbiyene, nggetuni napa aku ora sabar ngenteni ega..
banjur aku menyang tambal ban panggonane ega sing nelpone aku wingi, tak pitakoni bapak sing nambal ban
kagette aku sawise ngrungoake katerangane saka bapak sing nambal ban..
“ngapunten, mbak..mas ega wingi nekat ban mobile urung sido rampung tak tambal, wis njaluk mandeg, mergo arep methuk pacare sing ana kostsan,. Dewekke arep wenehi kujutan lan ora pengen ngaawe wurunging pacare merga pas ulang tahune”
ora kuasa aku....neteske eluh...
ora kaya-kayawa ega leh nyiapke nganti kaya mengkono............
lansung aku lunga, aku lunga menyang kopeng enggong sing penegen ega ajak aku..
tak sawangi lilin sing wes entek, lan kembang-kembang taburane sing wes alum...
menerut paparane penjaga kui “ega nyiapke kado ulang taun kanggo aku, mangan wengi sinambi nyawang lampu-lampu, lan uga kado saktali kembang mawar merah sing ana tulisane..”
“awake dewe pancen bedha
tuhan ora bakalan nesu
yen awake dewe dadi siji
karana tuhan kui siji
tuhan ora pernah nesoni umatte,
yen awakke dewe dadi siji
aku milih koe sing ngancani aku..
ndadekke bedha kui dadi siji merga tresna”
aku tresna kowe susi..
 aku uga ega...pengenanku sing tak sampekne...ega....
muga kowe uga ngrungoake..
saya suwe aku saya lara, rasa nyesel, seneng dadi siji..
aku ora penak marang keluargane ega...
ibuke ega sing isih apikan akaro aku, nguatke atiku sanajan batinku lara merga kelangan...
kuliahku,,, dadi ora kopen...neng kampus aku asring nangis... ngelingi ega.....
neng ngendi wae ana ega........
nyeselku...rada jero...aku wedi....aku saya lara jero..
bayangane ega...sing asring nekani aku,,, kisah katresnanku sing nganti gawe aku kaya wong edan, pengen tak sampekne karo ega.............
akkhire kuliahku mandeg, aku pamitan marang keluargane.. ega. Aku najluk ngapura..
sanajan keluargane ega ora nyalahke aku..
lan pengen aku ana kono ndadekne aku anake...nanging aku ora sanggup....
aku ora sanggup ngeleng-eleng kenangan karo ega,aku ora sanggup nggantekne posisine ega...
aku di pethuk keluargaku...bali menyang asalku...
sanajan aku urung lulus sarja... aku saiki kerja ana bidang hukum.... pesene ega sing tak enget-enget...
lelakon iki, arep aku eleng-eleng salawase..... mugo dewekke ayem neng ngarsane tuhan...
terimakasih telah membaca ini http://syukronituaku.blogspot.sg/2015/04/lampahing-katresnanku.html

0 comments:

Post a Comment